Minggu, 07 Februari 2021

BUDAYA WEWALER

 

Wewaler menika salah satunggaling kabudayan jawi ingkang awujud pitutur luhur. Pitutur menika boten namung awujud ujaran utawi panyaruwe mawi lisan, nanging saged awujud menapa kemawon. Wonten ing gugon tuhon kathah ingkang awujud pitutur para tiyang sepuh dhumateng putranipun. Wonten ing gugon tuhon yaiku kapercayan wong jawa marang sawenehing bab utawa prakara kang ora tinemunalar.

Tumrape wong jawa kang percaya utawa ngandel tansah duwe rasa was sumelang menawa ora bisa nyranani utawa nyembadani prakara kang dianggep mbebayani iku. Kathah ingkang nggadhahi pamanggih ingkang beda babagan gugon tuhon, amargi gugon tuhon kemawon wujudipun warni-warni.

Tuladha 
1. Ora ilok lungguh nang bantal, mengko wudunen.
Artine:
    Menawa lungguh nang bantal ora apik, amarga bantal iku sing bener kanggo mustaka

2. Aja mangan karo ngadeg, mengko ora payu rabi
Artine:
    Nalare mangan karo ngadeg iku saru, becike mangan karo lungguh sing apik lan sopan.

3. Aja ngidoni sumur, mengko suwing lambene.

Artine:
    Menawa sumur kena idu, banyu sak jrone sumur bakale reged kabeh lan ora sehat, apa maneh yen duwe lelara nular

4. Ora ilok ngewehi banjur njaluk bali, mengko gulune godhoken.

Artine:
    Nalika ngewehi apa bae kudu iklas, ora kena dijaluk maneh.

5. Ora ilok dolanan beras, mengko tangane kithing.

Artine:
    Nalare beras iku bahan panganan sing ora becik yen dinggo dolanan, amarga nek nggo dolanan beras iku bisa semrawut lan kotor

6. Aja nganggo klambi ijo utawa Biru ning segara mengko dadi mangsane nyi roro kidul

Artine :
    Dikhawatiraken nalika ana ombak gede lan wonge keseret ombak, Tim SAR bakal angel nulungine, sebab klambine meh pada karo warna laut.

7. Aja metu candhikala, mbokan diculik wewegombel.
Artine :
    Wewaler iki digawe supaya bocah-bocah cilik ora metu ngumah nalika candikala utawa maghrib, amarga wektune ibadah lan ngaso.

8. Aja ngethoki kuku wengi-wengi.

Artine :
    Maksude supaya tangane ora tatu, amarga jaman mbiyen durung ana listrik, dadi nalika wengi iku peteng.

9. Ora ilok singsot wengi-wengi, sebab bisa ngundang setan.
Artine :
    Amarga singsot wengi-wengi ndadekaken tetanggane kiwa tengen keganggu.

10. Ora ilok mangan nyangga piring

Artine :
    Yen mangan kui piringe diselehke meja. yen disangga tangan lolalaline njomplang wutah kabeh ora sido mangan.