Rabu, 06 Februari 2013

NASKAH GEGURITAN MGMP B JAWA GROBOGAN


NASKAH ABEN TRAMPIL MAOS GEGURITAN
MGMP BAHASA JAWA SMA/SMK/MA KABUPATEN GROBOGAN 2013

      (1)    
BIYUNG NDIKA...
Dening Mbah Brintik

Biyung...
Aku wus bisa ngunggahi
Sepira dhuwure arga
Aku uga wus njajagi,
Sepira jerone samodra
Aku uga wus kemput nggonku ngukur,
Sepira dawane marga?
Nanging  biyung,
            Sih trisnamu kang ndika ilekake
            Saranduning ragaku,
            Binarung ilining ludira
            Wiwit bayi tumekane diwasa,
            Mung bisa kaukur nganggo rasa

Biyung.....
Saiki, aku wus bisa muwar
Bisa dhigar ing alam gumelar
Nanging, aku ora kuwagang ngukur,
Sepira dhuwure?
Sepira jerone?
Sepira dawane sih katrisnanmu?
Wus ndika suntak glogoookkk....
Tanpa nyisa, tanpa bebana
Kebeh mung kanggo aku.....
            Biyung......
            Naluriku wus tinarbuka
            Yen ndika pancen dalane swargaku....


(2)
AJA NGONO
Dening Eko Purnomo

Cublak-cublak suweng wus meneng
Jamuran,  jaranan kari gegambaran
Menthog-menthog arang dinelok
Trenyuh ati iki,
Eling rikala ndalu wingi
Wulan ndadari kabeh kanca metu bengi
            Bebarengan.....
            Yo prakanca dolanan ing jaba
            Padhang mbulan padhange kaya rina
            Jebul mung ngimpi?

Saiki jamane ngaleh
Globalisasi.... globalisasi....
Aja waton nuruti, kaki?
Kudu duwe ati kang premati
Dredah....!
Polah tingkah saya ora genah
Busana saya munggah, jare lumrah?
Unggah-ungguh marakake trenyuh
Budi pekerti ngiris ati
Apa impenku bisa bali?



(3)
JAMAN KALABENDU
Dening M Abdullah Faqih

Ing tengah wengi,
Cahyane rembulan kang cemlorot
Manungsa sing wis melu owahe jaman
Kang padha rame-rame,
Ngumpul ing lampu kerlap-kerlip?
Vodka kang dadi ombene,
Sabu-sabu sing dadi camilane
            Apa bener?
            Iki sing jenenge globalisasi?
            Wong sing padha lali marang bebener
            Budaya kearifan sing padha ditinggalna
            Wong wadon nganggo bikini,
            Ing pawiyatan dianggep lumrah
            Gusti...Gusti...??
Lakune manungsa ing jagading pewayangan,
Wis padha salah kaprah
Praupane manungsa,
Nanging lelakone kaya kewan!
Akeh Fir’aun, Khorun, Abu Jahal, lan Hitler
Sing padha lair ing Jaman Kalabendu
            Gusti Kang Maha Welas Asih.....
            Punapa menika ingkang diarani Jaman Kalabendu?
            Manungsa ingkang kesupen,
            Marang dhawuhe nur Muhammad?
Iki dudu jaman kemajuan....??
Nanging Jaman Jahiliyah....??
Gusti....Gusti....*

(4)
SIDANE MATI TENAN
Dening Pablo Wijayaning Warsito

Sidane mati tenan..
Merga urip wis ora ketulungan
Kaya-kaya pancen ora antuk pitulungan
Malah-malah mung digawe dolanan
            Sidane mati tenan...
            Sing neng kana padha gegojegan
            Sengkut mikir babagan kadonyan
            Nuju tuhu endahe kamulyan
            Wis kebacut ora eling liyan
            Mung wae sok-sok nulung, yen wayah arep pilihan
Sidane mati tenan...
Nanging pancen ora bisa nyalahake ndhuwuran
Godhong ringin wis nyebar awut-awutan
Krenyepe lintang sing sumunar wanci awan
Sapi-sapi padha lumaku ngetan,
Kamangka, kulon nyata-nyatane dalan kabecikan
Dalan sing nuju endahe kamulyan
            Sidane mati tenan...
            Merga wis padha lali karo piwulangan
            Merga wis padha seneng ngrangkul larangan
            Apus krama kanggo nyandhing kamulyan
Sidane mati tenan...
Ora dhuwuran ora ngisoran
Wis ora bisa nyawiji sak setelan
Kaya dene busanane Pangeran
Nalika jaman durung edan?*