Kamis, 26 September 2013

PACELATHON PARIKAN



Mangan bakwan karo rambak
Dewean to mbak?

Wong sugih nganggo emas
Nggih mas

Mangan pelem pelem kweni
Apa gelem tak kancani

Bar kramas mangan roti
Ora usah mas ngrepoti

Mlaku-mlaku tuku bensin
Karo aku ora usah isin

Klasa amoh diiles-iles
Ora emoh nanging males

Selasa, 24 September 2013

PARIKAN

nggawa takir isi gule, mangan kupat lawuh babat
aja mikir awake dhewe, delengen rakyat kang mlarat

jam papat wis nyumet kompor, nyumet kompor masak sarapan
dadi pejabat ja dadi koruptor, dadi koruptor golek suapan

kursi goyang sikile papat
nek berjuang ja golek pangkat

numpak dhelman nang Betawi
nek berjuang kudu wani mati

dalan sepur dilumpati
pengin makmur ja korupsi


kicak jenang jahe
krasa penak meneng wae


enteng-enteng omah rayap
nangis ngereng njaluk ijab

dalan sepur dilumpati
ajur mumur dilakoni

Walang kekek menclok ning tenggok,mabur maneh menclok ning pari
aja ngenyek karo wong wedok, yen ditinggal lunga setengah mati

Omah gendheng tak saponane
abot entheng tak lakonane

Walang abang menclok ning kara, walang biru walange putih
bujang maneh ora ngluyura, sing wis nduwe putu wae ra tau mulih

Andheng-andheng ana pilingan
aja dipandeng mundhak kelingan

Walang ireng mabur mbrengengeng, walang ireng dawa suthange
yen dha seneng aja mung mandeng, golekana endi omahe

Bisa nggambang ora bisa nyuling
bisa nyawang ora bisa nyandhing

Mikul suket dientul-entul
senenge banget nanging ora bisa kumpul

theklek kecemplung kalen
timbang golek luwung balen

abang-abang ora legi
tiwas magang ora dadi

andheng-andheng ngisor lambe
tiwas mandeng wis ana sing nduwe

awan2 tuku brambang
ana prawan klambiné abang

wedang bubuk, gula jawa,
yen Kepethuk atiné lega

esuk nyuling sore nyuling, sulinge arék suroboyo,
esuk éling soré éling sing diéling ora rumangsa.

suwé ora jamu, jamu godhong téla,
suwé ora ketemu ketemu pisan gawé gela 

PARIKAN ALA JOGJA 
 Tuku Wedhus, oleh asu 
Aku Bagus, Kowe Ayu 

Golek Tikus, Entuk aSU 
Yen tak Elus, Ojo nesu

Numpak gethek karo mlayu
simbah elek ora payu-payu

Anak tekek mangan gandum
Simbah elek harap maklum

Ono sapi senenge abang
Ojo lali ngambungi kembang

Uler kambang dipangan terwelu
Nek ngambung kembang aku melu

jenang gulo warnane abang
najan rondho sing penting kembang

Abang abang gendero londho Wetan sithik kuburan mayit Klambi abang nggo tondo moto Wedak pupur nggo golek dhuwit

Mlaku mlaku tuku ketan
Ayu ayu kok brengosan

dolan mengetan, dioyak macan
najan brengosan, tapi menawan

jare dhingklik jebule cethok
jare ndhelik jambule kethok

eyang Durno, asli sokolimo
kembang teko, ojo podho lungo

nang tengah alas sangu bakso ana bakso kok di cucuki paku
Wis jam rolas, wayahe padha ngaso ayo ngaso mangan bareng karo aku

tindak ngetan bali ngulon
numpak sedhan nganggo blangkon

angkutan umum dadi becax
mbiyen premium saiki pertamax

wong luwe ora kongang ngadeg
Wis suwe ora mangan gudheg

Awan-awan mangan gethuk
bubar mangan kok ngantuk

saben dina sangu rantangan isine rantang katon methuthuk
Aku pancen bubar mangan ning ora mangan gethuk

Ono Teklek kejegur kalen...
Tinimbang nggolek mendingan balen...

Pit Abang Pite mas Mantri
Nek ngesun Kembang aku ya ngantri

Bude teko nggowo bolu...
Ngakune joko anake telu

mangan jadah, enteke telu
najan simbah, adhi kelasmu

mangan bakwan anget-anget dipangan karo lombok abang
awan-awan kok adus kringet luwih penak yen di dus i kembang

kembang mlati kembang kenongo
ojo ganti, mengko gelo

dondong opo salak duku cilik cilik
ngandong opo mbecak mlaku timik timik

Bekicot nempel katok
Nyocot thok

Ndelok Monas seko Tugu
Ben ra panas jejer aku

Wit Gedang Awoh Pakel
Omong Gampang Nglakoni Angel

wit Pakel kesrempet bis kota
najan angel tetep usaha

Nyangking Ember Kiwo-Tengen
Lungguh Jejer Tombo Kangen

Mlayu-mlayu neng plataran
Snajan ayu ning geleman

tuku sate, lali mbayar
ajar nggawe kanthi sabar

jenang glali gulane jowo
aja lali basane Jowo

endog bosok aja di untal aja di buwang nang plataran
Lha mosok iya tak pancal padhakna aku iki jaran

Malem Jum'at tuku cambah
Urip mlarat ojo susah

Malem Setu mangan rujak
ngguya ngguyu kroso penak

Pak Slamet nandur wit kecipir bubar nandur tumuli adus sirah mumet mergo kakehan pikir dudu amargo mangan wedhus
nabuh kendang ojo waton
tiwas nggadang, kok ra klakon

Nabuh kendang nganti jebol
pengin gedhang, kleru jengkol

Nabuh kendhang ngundang garong
Njupuk gedhag lha kok kleru terong

Mangan gethuk nganggo garpu
yen sampiyan ngantuk yo sumonggo turu...

Iwak lele iwak mas Iwak'e tibo dirubung laler
 Turu yo turu mass Mung Ojo disambi ngiler

Nggudak Wedus Nabrak watu
Ngaku ngaku Bagus Mung ra payu payu.....

Nggudhak wedus ngidek tletong
Percuma bagus, yen dompete kosong

midak telek nganti kesemuten
merem melek merga klilipen