Minggu, 31 Juli 2016

ATUR PAMBAGYA MANTEN



Sambutan upacara adat pengantin Jawa (atur pambagyaharja )
Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.
Para pepundhen, para sepuh, para pinisepuh ingkang pantes pinundhi, para pangemban pangembating praja, para satriyaning nagari ingkang pantes kinurmatan, para kadang wredha mudha ingkang bagya mulya, para tamu kakung putri ingkang pantes sinudarsana.
Keparenga kula mambeng anggen panjenengan sadaya katemben wawan pangandikan, karana kula piniji Bapa Sardjito  sekalihan, kinen ngaturaken wudharing gantha babaring sedya, raos suka ebahing manah bingah saha lekasing sedya wigatosing gati ing kalenggahan punika.
Minangka purwakaning atur langkung rumiyin sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken atur puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung, karana sih wilasa miwah barkah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula saengga taksih saget kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala.
Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan,
Madyaning wiwahan punika panjenenganipun Bapa Sardjito sekalihan lumantar kula ngambali ngaturaken sugeng rawuh sinarengan raos pãnuwun ingkang tanpa pepindhan, kasuwun tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih, wondene lekas wekasing sedya wigatosing gati kula aturaken ing mriki, nadyan panjenengan sadaya hambok bilih sampun ngawuningani gatining sedya ing palenggahan punika ingkang sampun sinerat ing kintaka wara punapa dene jawilan.
Nun inggih netepi darmaning asepuh Bapa Sardjito sekalihan ing kalenggahan punika mahargya suta hamiwaha siwi, ngentas pitulus kenya putrinipun ingkang sesilih namipun Rr. Salindri, SE kaleksanan dhaup kallyan Bagus Sudibyo, ST priya tanaya panjenenganipun Bp./Ibu Sardjono sekalihan ingkang pidalem ing Sragen ingkang sampun kalampahan ijab miturut satataning adat kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala, ingkang punika panyuwunipun Bapa Sardjito wonten ngarsa panjenengan sadaya mugi wontena lilaning panggalih para tamu kakung putri paring jurung puja hastawa puji hastuti dhumateng temanten sarimbit anggenya badhe gesang wonten ing alam bebrayan tansah runtut atut miwah bagya mulya sembada ingkang jinangka basuki kang kaesthi.
Para lenggah kakung putri ingkang satuhu kinurmatan, kaleksananing pahargyan ing kalenggahan punika saged kalampahan karana sih pambiyantunipun para sanak kadang pawong mitra langkung - langkung para warga Geyer RT 04 ingkang punika hambok bilih panjenenganipun Bapa Sardjito mboten saged mangsulaken karana lahir, amung kasumanggakaken wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung mugi sih kadarman panjenengan dadosa ngamal kasaenan.
Para tamu kakung putri ingkang pantes sinudarsana,
Bapak Santosa  sekalihan lumantar kula tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, hambok bilih anggenipun nampi kerawuhan panjenengan sadaya, kiranging tanggap tangguh gupuh mugi diagung pangaksama, mboten kekilapan dhumateng para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sadaya, hambok bilih wonten kiranging suba sita lumantar kula tansah nyuwun agenging pangaksama panjenengan sadaya.
Hing wasana minangka pepuntoning aturipun Bapa Sardjito sekalihan lumantar kula hambok bilih wonten kiranging boja miwah krama mugi para tamu ngluberaken samodra pangaksama ingkang agung, kula minangka talanging basa kathah atur kula ingkang mboten hanuju prana labet kula ugi hanglenggana kiranging seserepan miwah kirang pana dhumateng ing reh suba sita, basa tuwin sastra, kula amung tumadhah lubering pangaksama, salajengipun wekdal kula aturaken wangsul dhateng kadang panatacara.
Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Senin, 25 Juli 2016

PIDATO SAMBUTAN



Assalamualaikum Wr. Wb.

      Inkang kinabekten Ibu Kepala SMA Negeri 1 Geyer, ingkang kinurmatan Bapak ibu Guru saha staf karyawan SMA Negeri 1Geyer, Tamu undangan ingkang winantu suka basuki, langkung-langkung para kanca siswa-siswi SMA Negeri 1 geyer ingkang kula tresnani.
      Sumangga kula nderekaken ngunjukaken syukur dhumateng gusti Alloh ingkang maha welas asih ingkang sampun paring kawilujengan saha kasarasan dhumateng kula dalasan panjenengan sami satemah saget makempal ing adicara menika mboten wonten rubeda satunggal menapa.
      Salajengipun kula ngaturaken sugeng rawuh dhumateng panjenengan sami mugi rawuhipun ndadosaken regenging swasana.
      Bapak Ibu saha para kanca ingkang sutresna,
      Ing kalodhangan siyang punika kula badhe matur minangka sulih sarira panitya laksana Pengetan Dinten Kamardikan RI Kaping 70 ing SMA N 1 Geyer. Adicara menika nggadhahi ancas/ tujuwan supados kula lan panjenengan emut perjuwanganipun pahlawan, saenggo kita sami tansah njagi kamardikan menika. Langkung-langkung tumprap para siswa supados nglajengaken perjuwangan menika kanthi sinau ingkang mempeng.
Salajengipun, mbokbilih anggen kula sakanca ngaturi papan palenggahan saha anggenipun ngladosi panjenengan sami kirang nuju prana, kula minangka sesulihipun paniyta nyuwun agunging samudra pangaksami.
Wasana, sugeng mirsani adicara pengetan Ambal Warsa Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 70 SMA N 1 Geyer menika ngantos paripurna.
Mekaten ingkang saget kula aturaken, mbok bilih anggen kula matur dhumateng panjenengan sami kathah kalepatan saha kirang trapsila, kula nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb

Selasa, 12 Januari 2016

MUSYAWARAH



Kuncara:  “Sumangga para warga manawi wonten pamanggih utawi usulan supados kreteg ingkang ambrol menika saget dipun liwati malih.” 
Heru       :  (ngacung)
Kuncara:  “Mangga mas Heru.” 
Heru       :  “Matur nuwun, kula nggadhahi pamanggih bilih kita kedah ndamel kreteg dharurat wonten sisihipun, saengga para warga saget miyos. Lajeng...” 
Arga        :  “Wah kesuwen! Langsung dibangun wae!” 
Kuncara:  “Sekedhap Mas Arga,...”  
Paijo       : “O.. Arga i, nyela-nyela!” 
Arga        : “Hla piye Jo, kesuwen to? 2x kerja kuwi! Iyo to?”
Kuncara:  “...kersanipun usulanipun Mas Heru rampung riyen. Mangke gentosan, lajeng dipun rembag sesarengan. Mangga mas Heru dipunlajengaken.”
Heru       : "Nggih, ngeten. saksampunipun damel kreteg dharurat, lajeng kretegipun dipun bongkar total didamel kreteg enggal ingkang sae pindah. matur nuwun."
Kuncara   : "Nggih maturnuwun mas Heru. Mangga para warga pamanggihipun mas Heru kados mekaten, sampun midhanget piyambak. mangga pripun amanggih anjenengan sadaya? Mangga..."
Paijo         : "Ngeten Pak nggih, pamanggihipun mas Heru menika sae, ananging kita kedah emut prabea ingkang badhe dipun betahaken manawi mbangun kreteg menika milai saking nol, menika betahaken prabea utawi ragad ingkang mboten sekeddik..."
Arga        : "hla....! ngono hlo magsudku."
Kuncara : "Nggih Mas Arga mengke riyen. kersane Pak Paijo rampung rumiyen. mangga Pak..."
Paijo       : "Mpun niku mawon."
Kuncara   : "Mangga samenika mas Arga..."
Arga        : "nggih niku wau biayane kathah."
Kuncara   : "Hla pramilo dipun rembag."
Darmo      : "Kula ajeng tanglet rumiyin, kas warga dumugi samenika wonten pinten?"
Kuncara   : "Nggih Pak Darmo, Pak bendahara mangga dipun aturaken pinten kasipun?"
Nardi         : "Nggih kula aturaken bilih kas ngantos dalu punika wonten pitung yuta gangsalatus suwidak sekawanewu kalihatus rupiyah. maturnuwun."
Arga          : "Tenan to? kurange akeh...."
Kuncara   : "Maturnuwun Pak Nardi minangka bendahara, mangga menika wonten kas semonten pripu saenipun mangga..."
Heru         : (ngacung) "Kula Pak"
Kuncara    : "Mangga mas Heru.."
Heru         : "Maturnuwun. Ngeten nggih bapak-bapak. Manawi pamanggih kula, mbangun menika ampun setengah-setengah. Napamalih kula tingali ingkang jalari ambrole kreteg menika amargi pondasinipun ingkang sampun ambrol. Manawi ajeng dibangun sak-sake menika kangge kula eman-eman. Sampun ngedalaken ragad, tenagi, wekdal, nanging tundhanipun mboten dangu lajeng risak malih. Pramila saeniun dipun etang, ragadipun pinten, lajeng saking kas kirang pinten saged dipun cekapi sumber dana sanes. Umpaminipun iuran, donatur, bantuan Desa, lan sanes-sanesipun. Hla... sawetawis kreteg dipun bongkar, prayogi damel sasak utawi kreteg dharurat ngangge deling."
Kuncara   :....