CANDRA TEMANTEN PUTRI
Binarung swarane pradangga munya ngarangin keplok
imbal angedasih, nuli ana ganda arum mangambar ngebaki jroning bale winangun,
datan watawis dangu ana teja manther sasada lanang gedhene, den kedhepake ilang
tejane kasengguh hapsari ing kasuwargan ingkang tumurun mring madya pada arsa
andum kabagyan, satuhu punikata tejane Sri atmaja temanten Putri ingkang mijil
saking sasana tepas wangi arsa manjing ing sasana pahargyan.
Mabyor-mabyor busananira ingkang hangimba
busananira prameswari nata, marma kalamun katempuking Ywang candra pating
galebyar pating calarot pindha kartika asilih pernah. Amucang kanginan dennya
lumaksana membat madya lumenggang ing warih, lembeyan merah kasimpir riyak
hanggajah oling.
Prapteng madyane pawiwahan kagyat kagara wekasan
kang apindha sitaresmi nenggih mustikane pawiwahan, dupi anguningani
sanggyaning para tamu ingkang sampun lenggah satata pepak sinaraja kaya
handhayong-dhayongna pancak sujine bale winangun. Marma kapanduking raos
ingkang tumanem jroning kalbu kadi karem karaban ing memanis sinandhing kastuba
manik, ingkang satuhu datan kena cinitra ing ukara.
Prapteng unggyan ingkang tinuju, rising atmaja
temanten putrid sigra kalenggahaken aneng sasana rinengga, kinapit patah
sakembaran ingkang wus samapta ing gati sawega ing dhiri. Ing astanira wus
angasta gantal ingkang winastan gondhang kasih, ingkang sampun linambaran
mantran-mantran sakti, guna kasantikan, guna kawijayan, guna pangasihan, kayata
jaran gyang, semar mesem truna lele lsp.
Dhasar Sri Atmaja Temanten Putri wanudya ayu rupane
karengga ing busana. Nalika samana mangagem busana kang sinulam benang kencana
awangun lunging gadhung rumambat ngrawit. Agegelung malang awangun bokor
mengkurep, acecundhuk mentul tinata runtut akrya patut. Asesemek sekar melathi
rinonce awangun wulan tumanggal, sinartan tiba dhadha tinumpangaken ing
pamidhangan kanan, ngalewer prapteng jaja, ebah-ebah kalamun ginawe lumampah,
marma kalamun katiyubing maruta manda ngambar gandanira nganti ndumugi
wanjawine pangurakan.
Weweging pranaja pindha cengkir ngadhing piningit,
yayah hanjebol-jebolnya mekak madya ingkang minangka setu bandane sarira.
Kicating canela ingkang tinaretes sarwa retna, kalamun cinandra pindha wredhu
hanggra sasra ingkang lumaku ing wanci pangklong.
Datan watawis dangu risang atmaja temanten putri
wus kalenggahaken aneng kursi rinengga, semuning wardaya sajak kuciwa karana
dennya angrantu jejaka tumaruna ingkang minangka gegantilane nala miwah
memaniking netra ingkang dereng prapta.
Nalika samana ingkang putra temanten putri wus
lenggah kanthi anggana raras.
CANDRANE AWAK
Alise : nanggal sapisan
Athi-athine : ngudhup turi
Bangkekane : nawon kemit
Bathuke : nyela cendhane
Dedege : ngringin sungsang
Drijine : mucuk eri
Eseme : pahit madu, kaya madu, pinastika
Gulune : ngolan-olan, ngelung gadung
Idepe : tumengeng tawang
Irunge : mbangir, kencana pinantar, ngudup mlati
Lakune : macan luwe
Lambeane : mblarak sempal, merak kasimpir, nyigar jambe
Lambene : nggula satemplik, manggis karengat
Lengene : nggandhewa pinentang
Mripate : ndamar kanginan, blalak-blalak, bawang sabungkul
Pakulitane : ireng manis, ngulit langsep
Pamulune : prada binabar, ambengle kiris
Pawakane : ramping, gagah pidegsa
Pipine : duren sajuring
Polatane : ruruh jatmika
Praene : sumunar
Pundhake : nraju mas
Rambute : ngembang bakung, ngandan-andan
Sinome : mbibis mabur, micis wuncar
Swarane : ngombak banyu
Untune : miji timun, ngelar kombang
Ulate : sumeh / sumunar
Tidak ada komentar:
Posting Komentar