Minggu, 29 Maret 2020

SINAU NING NGOMAH PANGANAN TRADISIONAL GLADHEN 1

Gladhen 1
Adhedhasar wacan kanthi irah irahan SEGO JAGUNG PANGANAN KHAS GROBOGAN, wangsulana pitakon iki.
  1. Apa kang njalari wong Grobogan adang jagung?
  2. Kepiye carane nyimpen pari lan jagung?
  3. Kepiye carane ngopeni jagung supaya dadi glepung?
  4. Apa wae piranti kang dibutuhake kanggo gawe sego jagung?
  5. Kepiye carane adang sego jagung?
  6. Apa keluwihane sega jagung tinimbang sego beras?
  7. Apa kekurangane sego jagung tinimbang sego beras?
  8. Panganan apa sing bisa diasilake saka dhedhak, lan kepiye carane nggawe?
  9. Sega jagung kuwi wujude ana pirang werna sebutna lan deskripsekno.
  10. Gawea daftar menu sing wuenak sing kira-kira cocog kanggo madhang, sing segane nganggo sego jagung.
Digarap ning buku ojo lali diwenehi dina lan tanggal.

SEGO JAGUNG PANGANAN KHAS GROBOGAN


SEGA JAGUNG PANGANAN KHAS GROBOGAN
Sega jagung minangka salah siji panganan kang kagolong panganan pokok ing dhaerah Grobogan.  Ing mangsa ketiga biasane padha adang sega jagung, amarga cadhongane gabah uwis entek. Mula padha adang sego jagung, jupuk saka gantangan. Yen gabah kuwi disimpen ing grobog, nanging yen jagung diombyoki trus digantang ning ngisor empyak.
Adang sego jagung kui rada angel lan kudu sabar. Mergo butuhake proses rong dina sakdurunge adang kudu wis diwiwiti.  Jagung sing wis dipupur digecrek ing dhuplak utawa lumpang. Diarani digecrek kui mbok menawa amarga swarane pas ditutu mak crek-crek.  Nggecrek jagung iki ngasilake jagung sing wis dho moncek utawa pecah banjur diarani plonthosan. Iki mengko sing bakale digawe sego. Sisane yoiku kulit jagung lan ndheg-ndheke sing diarani dhedhak jagung. Dhedhak jagung iki bisa kanggo pakan pitik utawa bebek. Bisa uga digawe panganan yaiku entho-entho.
Plonthosan, banjur dikum antarane rong dina, anging banyune kudu diganti pendhak dina, supaya ora banger utawa bacin.  Plonthosan mau yen arep dimasak kudu ditus ing tumbu supaya atus utawa banyune ilang.  Yen wis atus, plonthosan mau di glepung ing lumpang, kanthi diayaki digolekki sing lembut. Yen wis lembut kabeh, tegese wis siap digawe sego jagung kanthi cara didang, mula diarani adang jagung utawa bethak jagung. Adang jagung biasane ning pawon nganggo dandang temen, kukusan, nyaton, kekep/ cuwo, lan ngaron. Ananging cara saiki bisa nganggo dandang sabruk.
Carane adang yaiku glepung jagung mau dakaru dhisik yoiku dibanyoni nganggo banyu panas ing ngaron, ditutup sik nganggo tampah supaya mungkruk utawa dadi karon. Iki jenenge dikaru. Yen wis ngono banjur ditapungke utawa tapung karon, utawa dientebke ing kukusan sing wis dipasang ing dandang. Ojo lali diwenehi nyaton supaya sega jagunge ora kaclop ing banyu dandang. Kukusan banjur ditutup kekep utawa cuwo. Antarane 15 menit biasane wis mateng. Kukusan diangkat saka dandang banjur dituplak ning tampah. Rada diler supaya adhem banjur arep diwadhahi tumbu dinetnet utawa dibucu, digulung godhong gedhang dadi brangkal, utawa ben mawur ngono wae dadi sega jagung.
Sego jagung bucu lan gulung, utawa brangkal iki iso awet sewengi, dadi bisa di enggo sarapan sesuk. Sega jagung iki dilawohi opo wae mathuk. Kaya ta, gereh, kuluban, bothok, jangan menir, jangan lompong, lan liya-liyane.

Iki vidio carane gawe sego jagung 

https://www.youtube.com/watch?v=MSdmqxzryyY

SINAU NING NGOMAH AKSARA MURDA GLADHEN 1 LAN 2

Gladhen 1
Wacanen teks Aksara Murda lan iso uga teks Aksara Jawa.
Banjur wangsulana pitakon iki.
Ukara-ukara ing ngisor iki golekana gathuke tulisan aksara jawa.

Gladhen 2
Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa.
  1.  Presiden Sukarno sumare ing Blitar.
  2. Kali Serang banjir gedhe.
  3.  Kabupaten Grobogan subur makmur.
  4.  Purwodadi kuthane, sing dadi nyatane.
  5.  Ngirim barang lumantar Kantor Pos.
Digarap ing buku banjur diwenehi dina lan tanggal.

AKSARA MURDA

AKSARA MURDA
Nyinau lan ngleluri aksara jawa.
Aksara murda miturut Pedoman Penulisan Aksara Jawa  mangkene.
  1. Aksara murda cacahe ana 7 yaiku kaya gbr ing ndhuwur.
  2. Aksara murda kanggo nulis Gelar, jeneng/asma, jeneng geografi, jeneng lembaga pamarentah, lan lembaga badan hukum.
  3. Aksara murda ora kanggo sigeg, mungkasi wanda (menutup suku kata).
  4. Aksara murda jumlahe winates, ora kabeh aksara carakan ana aksara murdane. Mulane aksara murda ora diarani (identik) huruf gedhe (kapital) ing ejaan latin
  5. Ngisor iki aksara murda, aksara murda pasangan, lan tuladhane.


Selasa, 17 Maret 2020

SINAU NING NGOMAH KELAS XI GLADHEN 4

Gladhen 4

Gawenen vidio ndongeng crita rakyat kanthi urut-urutan mangkene:
1. Nyiapke naskah crito rakyat (gladhen 3 https://sambelgaring.blogspot.com/2020/03/sinau-ning-ngomah-kelas-xi-gladhen-3.html )
2. Latihan ndongeng ing ngarep kaca tanpo naskah nganti lancar.
3. Golek panggonan sing padhang lan view-ne apik.
4. Busanane sing apik, pantes, lan sopan.
5. Ndongeng di shoting HP kanthi format vidio FHD landscape durasi minimal 3 menit.
6. Wajahe cetho jelas nganggo gaya ndongeng lan ekspresi sing nyenengkake. Diwiwiti nganggo ukara pambuka, tuladhane: "Hey kanca2, ing kene aku arep nyritaake crita rakyat ing dhaerahku kanthi judhul........ Critane mangkeng."
7. Semono uga panutupe, umpamane: " Ngene iki mau crita saka dhaerahku. yen ana lupute anggonku crita aku njaluk pangapura." utawa ukara panutup gayamu dhewe.
8. Vidio di kirim lewat e-mail utawa disimpen lan ditumpuk ing pertemuan sesuk.



SINAU NING NGOMAH KELAS XI GLADHEN 3

Gladhen 3

1. Tulisen salah sijine crita rakyat sing ana ing dhaerahmu kanthi basa sing gampang dimangerteni lan kepenak dicritaake.

Ctt.: Naskah mau minangka bahan kanggo crita ing gladhen sateruse.

Ditulis ing buku tugas, ojo lali diwenehi dina lan tanggal.

SINAU NING NGOMAH KELAS XI GLADHEN 2

Gladhen 2

Wacanen crita rakyat Legenda Joko Tarub https://sambelgaring.blogspot.com/2020/03/legenda-joko-tarub.html

Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi gamblang.
1. Sebutna 3 paraga lan watake, kanthi nuduhake ukarane.
2. Sebutna latar panggonan, wektu lan swasanane, kanthi nuduhake ukarane.
3. Sebutna 3 piwulang/ amanate saka crita rakyat kasebut.

Tulisen jawabanmu ing buku tugas, ojo lali diwenehi dina lan tanggal.

SINAU NING NGOMAH KELAS XI GLADHEN 1

GLADHEN 1

1. Tulisen crita rakyat Joko tarub iki kanthi ringkes nganggo basa jawa.

LEGENDA JOKO TARUB https://sambelgaring.blogspot.com/2020/03/legenda-joko-tarub.html

Ditulis ing buku tugas lan diwenehi jeneg lan tanggal.

LEGENDA JOKO TARUB


JOKO TARUB

Pada usia kanak-kanak Joko tarub atau Sunan Tarub mempunyai kesenangan atau hobi menangkap kupu-kupu di ladang. Setelah masuk di tengah hutan bertemu orang yang sangat tua, dia diberi aji – aji tulup yang namanya tulup Tunjung Lanang. Tulup inilah yang akhirnya menjadi aji-aji sangat luar biasa untuk Kiai Ageng Tarub/ Sunan Tarub. Diwaktu mendapat tulup tersebut dia pulang dengan cepat menyampaikan berita kepada ibunya (Dewi Kasian) dan mengatakan bahwa dia di tengah hutan dijumpai seorang yang sangat tua memberi aji – aji tulup kepadanya. Namun karena sayangnya, Dewi Kasian tidak memperbolehkan putranya masuk hutan, karena khawatir kalau dimakan hewan buas atau dibunuh orang yang tidak senang kepadanya.
Namun karena Joko tarub tidak takut lebih-lebih mempunyai aji – aji tulup tersebut, maka Joko Tarub tetap senang masuk hutan untuk mencari burung. Sampai diatas gunung Joko Tarub mendengar suara burung yang sangat indah bunyinya yaitu burung perkutut. Kemudian didekati dan dilepaskan anak tulup kearah burung tersebut namun gagal. Akhirnya Joko Tarub berfikir dan menganggap bahwa burung ini tidak burung biasa. Kemudian terdengar lagi suara burung dari arah selatan, didekati dan dilepaskan lagi anak tulup kearah burung namun tidak mengenai burung itu dan ternyata anak tulup itu mengenai dahan jati. Tempat yang ditinggalkan burung tadi sekarang dinamai Dukuh Karang Getas. Karena sedihnya Joko tarub maka tempat yang ditinggalkan, sekarang dinamai Dukuh Sedah. Kemudian terdengar lagi suara burung dari arah selatan, didekati dari posisi yang strategis (burung dalam keadaan terpojok), maka anak tulup dilepaskan dan ternyata tidak kena dan burung terbang lagi ke selatan.
Tempat tersebut sekarang menjadi Dukuh Pojok. Burung terbang ke selatan dan hinggap diatas pohon asam oleh Joko Tarub dilepaskan lagi anak tulup kearah burung tetapi terbang lagi ke selatan, tempat yang ditinggalkan tadi menjadi Dukuh Karangasem. Diwaktu mengejar burung keselatan Joko Tarub merenungi burung tersebut, dalam ucapannya mengatakan ini burung atau godaan. Tempat merenungi Joko Tarub sekarang dinamai Desa Godan Joko Tarub mengejar terus burung kearah selatan, tempat melihatnya Joko Tarub sekarang dinamakan Dukuh Jentir. Joko Tarub terus melacak burung kearah tenggara kemudian berjumpa lagi dengan burung yang hinggap di pohon tetapi burung tersebut tidak bersuara. Setelah burung itu terbang lagi ke selatan dan tempat yang ditinggalkan tadi dinamakan Dukuh Pangkringan. Kemudian Joko Tarub melacak kearah selatan, setelah sampai ditempat yang sangat rindang disitulah burung terbunyi lagi.
Namun Joko Tarub mendengar suara wanita yang baru berlumban (mandi) di dalam sendang. Disaat itu Joko Tarub lupa burung yang dikejar dia beralih mengintai suara wanita yang mandi di dalam sendang Ternyata para bidadari yang sedang dilihat, akhirnya Joko Tarub mengambil salah satu pakaiannya bidadari yang dengan tutup kemudian dibawa pulang dan disimpan dibawah tumpukan padi (lumbung) ketan hitam. Joko Tarub kembali lagi ke Sendang dengan membawa sebagian pakaian ibunya. Setelah sampai didekat sendang ternyata para bidadari sudah terbang kembali ke surga. Tinggal satu yang masih mendekam ditepi sendang dengan merintih dan berkata : “sopo yo sing biso nulung aku, yen wadon dadi sedulur sinoro wedi, yen kakung sanggup dadi bojoku“. Disaat itu Joko Tarub mendekati dibawah pohon sambil mendengarkan ucapan bidadari tersebut dan menolong bidadari dengan melontarkan pakaian ibunya. Setelah bidadari berpakaian diajak pulang kerumah ibunya dan disampaikan kepada ibunya bahwa putri ini adalah putri dari sendang yang baru terlantar dan minta tolong kepada siapun : Jika yang menolong pria akan dijadikan suaminya. Akhirnya Joko tarub menikah dengan bidadari tersebut yang bernama Nawang Wulan. Adapun sendang yang dibuat lomban para bidadari, sekarang dinamakan sendang Coyo.
Kemudian Joko Tarub dengan Nawang Wulan mempunyai tiga putri yaitu : Nawang sasi, Nawang Arum, Nawang Sih. Pada waktu bayinya, Nawang Sih mengalami satu riwayat yang sangat hebat yaitu dikala Nawang Sih masih di ayunan, ibunya mau mencuci pakaian di sungai dan berpesan pada Joko Tarub agar mengayun putrinya dan jangan membuka kekep (penutup masakan). Namun setelah Nawang Wulan pergi ke sungai, Joko Tarub penasaran akan pesan istrinya, maka dibukalah kekep tersebut, setelah melihat didalam kukusan, ternyata yang dimasak istrinya hanya satu untai padi. Joko Tarub mengucapkan (Masya Allah, Alhamdulilah istriku yen masak pari sak uli ngeneki tho, lha iyo parine ora kalong – kalong. Tak lama kemudian istrinya datang lalu membuka masakan tersebut, ternyata masih utuh padi untaian. Kemudian istrinya menegur suaminya bahwa pasti kekep tadi dibuka, sehingga terjadi pertengkaran. Akhirnya Nawang Wulan menyadari sehingga harus dibuatkan peralatan dapur (lesung, alu, tampah) Setelah kejadian itu Nyi Nawang Wulan kalau mau masak harus menumbuk padi dulu, sehingga lambat laun padi yang ada di lumbung makin habis. Setelah sampai padi yang bawah sendiri yaitu padi ketan hitam, ternyata pakaiannya diletakkan disitu dan diambil kemudian menghadap suaminya. Akhirnya terjadi pertengkaran yang hebat, ternyata yang mengambil pakaiannya waktu disendang dulu adalah Joko Tarub sendiri. Kemudian Nyi Nawang Wulang ingin pulang kembali ke surga dan berpesan kepada suaminya : Bila putrinya menangis minta mimik agar diletakkan didepan rumah diatas anjang – anjang.
Tetapi setelah Nawang Wulan sampai di Surga di tolak oleh teman-temannya karena sudah berbau manusia. Kemudian Nyi Nawang Wulan turun lagi ke bumi namun tidak ada maksud kembali kerumah suaminya. Dia ingin bunuh diri naik di gunung Merbabu meloncat ke laut selatan. Setelah sampai di laut selatan Nyi Nawang Wulan perperang dengan Nyi loro Kidul, dan akhirnya Nyi Nawang Wulan mendapat kejayaan, sehingga laut selatan dikuasai oleh Nyi Nawang Wulan. Jadi yang ada dilaut selatan ada tiga putri yaitu : Nyi Nawang Wulan, Nyi Loro Kidul, Nyi Blorong. Setelah Joko Tarub ditinggal Nyi Nawang Wulan dia hidup dengan putrinya Nawang Sih. Disaat itu di Kerajaan Majaphit yang diperintah Prabu Browijoyo kelima ditinggal wafat istrinya, sehingga Prabu Browijoyo sakit dan tidak mau menduduki kursi kerajaan, dan setiap malam kalau tidur ditepi Kerajaan. Suatu malam dia bermimpi bila sakitnya ingin sembuh maka harus mengawini putri Wiring Kuning, kemudian raja terbangun dari tidurnya. Akhirnya para patih diperintah untuk mengumpulkan semua putri – putri. Setelah diteliti dan disesuaikan dengan mimpinya tersebut akhirnya menjumpai putri Wiring Kuning yang ternyata adalah pembantunya sendiri. Akhirnya dikawinilah putri tersebut dan dilarang untuk keluar dari taman kaputren karena malu jika ketahuan orang bahwa raja mengawini pembantunya sendiri. Setelah jabang bayi lahir raja Brawijaya memanggil saudaranya (Juru Mertani) supaya memelihara dan mengasuh bayi tersebut. Kemudian bayi tersebut diberi nama Bondan Kejawan (Lembu Peteng).
Dimasa kanak-kanak Bondan Kejawan, ayah asuhnya atau Juru Mertani akan membayar pajak kekerajaan disaat itu Bondan Kejawan mendengar bahwa ayahnya akan kekerajaan dan dia ingin ikut tetapi tidak diperbolehkan. Namun dia lari dulu dan sampai di Kerajaan dia langsung masuk dan naik keatas kursi raja. Kemudian membunyikan Bende Kerajaan. Sang raja mendengar bunyi bende kerajaan dan marahlah, anak tersebut ditangkap dan dimasukkan kedalam sel kerajaan. Tidak lama kemudian datanglah Juru Mertani dengan membawa padi untuk membayar pajak. Selesai membayar pajak dia menghadap sang raja dan menanyakan anak kecil yang membunyikan bende kerajaan. Diberitahukan kepada sang raja bahwa anak kecil itu putra sang raja sendiri. Kemudian raja memanggil anak kecil itu dan membawa kaca untuk melihat wajahnya sendiri dengan wajah anak tersebut. Ternyata Beliau yakin dan percaya bahwa anak tersebut putranya sendiri. Kemudian Juru Mertani disuruh sang raja untuk mengantarkan putranya ke Saudaranya yaitu Ki Ageng Tarub dan putranya agar diasuh dan dipeliharanya. Disaat itu Ki Ageng Tarub mengasuh dua anak kecil yaitu Bondan Kejawan dan anaknya sendiri. Setelah masuk remaja Bondan Kejawan diperintah ayah asuhnya agar bertapa ngumboro yaitu disuruh ke sawah selama tujuh tahun dan tidak boleh pulang kalau belum diambil. Setelah sampai waktunya Nawang Sih diperintah ayahnya supaya memasak yang enak, setelah memasak agar mengambil saudaranya Bondan Kejawan yang berada ditengah sawah. Setelah sampai dekat gubug yang ditempati Bondan Kejawan, Disaat itu Bondan Kejawan sedang istirahat diatas gubug.
Nawang Sih memanggil Bondan Kejawan dari bawah gubug. Bondan Kejawan terperanjat atas panggilan Nawang Sih karena tidak tahu akan kedatangannya, sehingga Bondan Kejawan jatuh dari atas gubug dan memegang bahunya Nawang Sih. Sampai dirumah Nawang Sih memberitahukan orang tuanya bahwa tadi bahunya dipegang oleh Bondan Kejawan. Tetapi sang ayah malah memberi tahu Nawang Sih akan dijodohkan dengan Bondan Kejawan, dan akhirnya mereka menikah. Kemudian lahirlah anak yang diberi nama Ki Ageng Getas Pandowo (Ki Abdulloh). Bondan Kejawan meneruskan Bopo Morosepuh dan diberi nama Ki Ageng Tarub II, sedang Ki Ageng Getas Pandowo diberi nama Ki Ageng Tarub III. Tempat pertapaan Bondan Kejawan (Lembu Peteng) sekarang terdapat disebelah tenggara makam Ki Ageng Tarub I, dukuhan sebelahnya dinamakan Desa Barahan. Selanjutnya Ki Ageng Tarub III (Getas Pandowo) mempunyai putri banyak dan yang terkenal adalah Ki Ageng Abdurrohman Susila (Ki Ageng Selo).
Adapun adanya Ki Ageng Tarub adalah merupakan suatu karomah dari Allah yang diberikan kepada Syeh Maulana Maghribi dengan Dewi Telangkas (Nona Telangkas) yang melahirkan Ki Ageng Tarub. Adapun karomah yang diberikan Allah kepada Ki Ageng Tarub I yaitu kawin dengan Bidadari yaitu Nawang Wulan. Adapun cucu Ki Ageng Tarub I adalah Ki Ageng Selo yang mendapat karomah dari Allah yaitu dapat menangkap petir. Dari Beliaulah terlahir raja-raja ditanah jawa. Makam Ki Ageng Tarub terletak di desa Tarub Kecamatan Tawangharjo ± 10 km dari Kabupaten Grobogan.

(Di ambil dari Makam Ki Ageng Tarub Tulisan Taufiq Yusuf  http://kab-grobogan.blogspot.com/2013/11/makam-ki-ageng-tarub.html )

SINAU NING NGOMAH KELAS X GLADHEN 4

Gladhen 4

Pilihen salah siji crita iki banjur gawenen naskah dialog wayang.




Tulisen wangsulanmu ing buku tugas, diwenehi katrangan dina lan tanggal.

SINAU NING NGOMAH KELAS X GLADHEN 3


Gladhen 3.

Wangsulana kanthi milih jawaban sing bener.
  1. Saben kasusastran kang apik mesthi ngemu teges kan ora wantah, mula kudu di...
a.        adaptasi
b.       interpretasi
c.        interaksi
d.        mekarake
e.        resensi

  1. Geneya perang gedhe ing mahabarata diarani Bharatayuda?
a.       Sebab nyritaake perange maha lawan barata
b.       Sebab nyritaake perang gedhe darah bharata
c.       Nyritaake perange wong bener lawan sing salah
d.        Sebab barata dadi yuda ing mahabarata
e.        Sebab nyritaake perang kang dawa

  1. Baratayuda iku perang antarane darah turunane Barata yaiku...
a.       Ayodya-Alengka
b.       Kresna lan Harjuna
c.        Pandhawa lan Kurawa
d.        Pandu lan Salya
e.        Baladewa lan Anoman

  1. Dewa Ruci iku critane...
a.       Arya Werkudara disingkirake neng alas
b.       Werkudara ngupadi banyu panguripan
c.        Arya werkudara mungsuh bala kurawa
d.        Werkudara lair
e.        Gathotkaca lair

  1. Ing satengahing samodra Bima ketemu karo ula naga. Ula naga iku mralambangake apa?
a.       Hawa nepsu
b.       rukmakala
c.        ego
d.        ngelmu
e.        jatidiri

  1. Sawise ketemu naga banjur Bima ketemu Dewa Ruci kang memper Bima ning wujude cilik. Dewa Ruci iku mralambangake apa?
a.       Hawa nepsu
b.       rukmakala
c.        ego
d.        ngelmu
e.        jatidiri

  1. Buta Rukmaka lan Rukmakala ana ing crita Dewa Ruci iku nggambarake ....
a.       jatidiri
b.       ego
c.        kawruh
d.        nepsu
e.        kabecikan

  1. Piranti ing pagelaran wayang yaiku
a.       Wayang, kothak, sindhen
b.      Wayang, pethi, cempala
c.       Wayang, dhalang, peniti
d.      Wayang, gunungan, sajen
e.       Sindhen, dhalang, niyaga

  1. Paraga sing ana ing pagelaran wayang.
a.       Dhalang, sindhen, mc
b.      Dhalang, sindhen, paniti
c.       Dhalang, sindhen, ledhek
d.      Dhalang, panonton, shoting
e.       Dhalang, wayang, sing duwe gawe

  1. Kain kanggo layar wayang diarani…
a.       Tonil
b.      Geber
c.       Layar
d.      Dheklit
e.       Kelir

Tulisen wangsulanmu ing buku tugas, diwenehi katrangan dina lan tanggal.


Sumber wacan:



SINAU NING NGOMAH KELAS X GLADHEN 2

Gladhen 2.

Wangsulana pitakon ing ngisor iki adhedhasar wacan DEWA RUCI  https://sambelgaring.blogspot.com/2020/03/dewa-ruci.html
1. Apa dhawuhe Resi Dorna marang muride?
2. Apa sing njalari bratasena wani menyang alas gedhe lan nyegur segara?
3. Apa maknane Kayu gung susuhing angin?
4. Apa maknane Banyu pawitrasari?
5. Apa amanate saka crita Dewa Ruci mau?

Tulisen wangsulanmu ing buku tugas, diwenehi katrangan dina lan tanggal.

SINAU NING NGOMAH KELAS X GLADHEN 1

Gladhen 1.

Wngsulana pitakon ing ngisor iki adhedhasar wacan Sejarah cariyos wayang  https://sambelgaring.blogspot.com/2020/03/sejarah-cariyos-wayang.html:
1. Kepiye asal-usule tembung wayang? Jlentrehna.
2. Kapan crita Ramayana lan mahabarat ana ing tanah jawa? Jentrehna.
3. Kepiye bedane crita wayang ing Jawa lan crita ramayana utawa mahabarata ing india?
4. Apa tandhane yen wayang sansaya ngrembaka?
5. Pagelaran wayang kaperang dadi pira? Jlentrehna.

Tulisen wangsulanmu ing buku tugas, diwenehi katrangan dina lan tanggal.

ANOMAN OBONG

Dewi shinta wis kelakon diculik dening prapu rahwana/ dasamuka ing kraton ngalengkadiraja, banjur dipapanake ing taman kaputren, dewi shinta ora doyan mangan lan ngombe nganti awakke kuru aking, rambute gimbal diore amarga suwe ora adus. Kabeh mau amarga supaya rahwana wegah nyedhaki dheweke. Kanggo njaga kaslametane dewi sintha nggegem cundrik/ keris cilik. Dadi samangsa-mangsa prabu rahwana teka arep ngrudapeksa, dheweke banjur ngancem arep ngayut tuwuh utawa nglalu.
Ing taman amung dewi tri jatha sing bisa ngereh reh lan mbujuk dewi shinta supaya gelem mangan. Dewi tri jatha ayu rupa lan budine, beda karo putri kraton liyane sing tumindake kasar marang dewi shinta. Umpama ora ana tri jatha dewi sinta mesthi wis mati suduk sarira, tri jatha kasil ngereh-reh supaya ora nglalu.
Sawetara kuwi Sri rama wijaya diangkat dadi ratu ing kraton guwa kiskendha ngratoni bangsane kethek, Sugriwa lan wadyabalane.
Sawijining dina, sri rama wijaya kirim utusan kethek putih sing aran anoman. Anoman diutus sri rama wijaya supaya golek sisik melik/ kabar ing ngendi lan piye kahanane dewi Shinta.
Tekan kraton alengka, anoman njujug taman kaputren. Ing kono dhewekke kelakon nemoni dewi shinta lan trijatha. Anoman banjur ngaturake ali-aline sri rama marang dewi shinta. Sawise mangerteni kahanane dewi shinta, lan kekuwatane prajurit ngalengka diraja, anoman banjur bali.
Nanging anoman konangan prjurit ngalengko banjur dirangket digawa menyang ngarsane prabu rahwana. Dening prabu, anoman diukum obong ing alun-alun. Nanging anoman kuwi kethek kang sekti ora mempan diobong. Nalika diobong anoman mencolot menyang dhuwur empyak kraton gawa geni mbulat-mbulat. Wusanane kraton ngalengka kobong kabeh dadi segara geni. Prabu dasamuka nesu lan mrentahake prajurit ngalengka supaya nyekel anoman. Nanging anoman wis kasil lolos lan bali atur palapuran marang sri rama wijaya.

BIMA BUNGKUS

Prabu Pandhu lan dewi Kunthi lagi dhuhkita jalaran laire putrane kang awujud bungkus. Ora ana gaman sing bisa mbedhah bungkuse bayi mau. Sawetara kui kurawa uga melu cawe-cawe mecah bungkus, nanging mung apus-apus. Amarga sajane duwe karep nyirnaake si bungkus. Manut wisike dewa si bungkus kudu buwang ning alas krendhawahana.
Ing pertapan wukiretawu begawan Abiyasa katekanan raden permadi kang didherekake para panakawan. Kanjeng eyang, kadospundi nasibipun kakang bungkus sampun sawetawis warsa mboten wonten suraos ingkang sae babagan menika eyang? Andadosaken dhuhkitanipun kanjeng ibu Kunthi.
Mesthine sang winasis kang pancen luber ing pambudi wis ppirsa apa kang dadi lakon. Putuku ngger permasi, mangertia kakangmu lagi nglakoni karmane ing tembe kakangmu si bungkus bakal dadi satriya utama lan bakal oleh apa kang diarani wahyu jati.
Anane si bungkus dadekake geger.  Bumi gonjang ganjing langit kelap-kelap. Ing suralaya badhara guru nimbali gajah seno, putane bathara kang awujud gajah, kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatine manungsa. Sang guru uga ngutus dewi umma kinen nggladhi kawruh kautaman marang si bungkus. Rampung anggone parinng piwulang, dewi umma menehi busana jarik bang bintulu, gelang lan kuku pancanaka.
Wusanane gajah sena mbedhah bungkus nganggo gadhing. Pecahe bungkus ndadekake jabang bayi kaget lana nesu amarga wis di ganggu. Akhire ngamuk lan perang ora iso di selaki. Gajah seno dibanting, wujude gajah sena sisrna nanging kekuwatane manjing ning jero awake sang bayi.
Bathara narada rawuh banjur si bayi takon, hmmmmmmm..... aku iki sopo?...... banjur bathara narada ngendika, perkencong-perkencong pak pak pong waru doyong tegor nguwong.... ngger, sira kuwi sejatine putra nomer loro ratu ing amarta prabu pandhu dewanata. Sira lair awujud bungkus lan kersaning dewa sira kudu dadi satriya utama, lan sira tak paringi jeneng Bratasena.
Dumadakan Ratu tasikmadu rawuh njaluk pitulungan amarga negarane katekan raseksa kang ngamuk. Bathara narada ngutus bratasena supaya nyirnaake raseksa sing ngamuk aran raja kaladhahana, patih kalabantala, kala maruta lan kalaranu. Para raseksa sirna. Patang kekuwatan saka para raseksa mau nyawiji marang awake raden bratasena, yaiku kekuwatan geni, lemah, angin, lan banyu.

DEWA RUCI

Wektu semana ing dalem padhepokan sokalima, resi dorna kelingan marang brantasena kang laire bungkusan, kang bisa maujudake brantasena kang duweni kekuwatan sing kuwat lan gagah prakosa. Resi dorna ngutus wekudara/ brantasena, yen dheweke kudu nggoleki kayu gung susuhing angin ing alas purwa. Brantasena tanpa tidha-tidha banjur budhal njaluk pangestu marang resi dorna.
Wektu semana uga sengkuni ana ing kono, lan krungu pangandikane resi durna marnaqg brantasena. Sengkuni takon marang resi dorna babagan apa sing dirembug. Resi dorna mangsuli marang sengkuni yen dheweke ngutus bratasena goleki kayu gung susuhing angin kanggo nyilakani brantasena.
Sawise mlebu alas gedhe gung liwang-liwung lan ngadhepi kewan maneka warna, bratasena akhire tekan panggonan kang dingendikaake guru dorna. Nanging dheweke ora ketemu kaya sing dikarepake. Gandheng sing digoleki oran ana, werkudara banjur ngamuk. Alas gedhe diobrak-abrik. Kadadean iki gawe buta cacah loro arane buta rukmuka lan rumakala keganggu, banjur perang karo bratasena. Buta loro kalah, banjur malih rupa dadi bathara indra lan bathara bayu. Bathara loro mau banget anggone maturnuwun marang bratasena.
Banjur bratasena takon apa sebabe bathara indra lan bathara bayu dadi raseksa. Bathraa menehi wangsulan, menawa barang kang ala bisa dikalahake dening niyat kang iklas lan donga marang kang maha kuwasa. Minangka panuwune,  bathara indra menehi cincin sesotyamustika manik candrama. Cincin mau bakal menehi kekuwatan marang singnganggo bisa nyilem ing dhasar samodra. Banjur bratasena takon apa tegesi kayu gung susuhing angin. Bathara indra mangsuli menawa kayu gung susuhing angin iku pusate ati lan pikiran.
Banjur bratasena jaluk pamit marang saklorone lan arep takon maneh marah resi drona kenangapa dikon goleki kayu gung susuhing angin.
Ing padhepokan bratasena ngomongke apa kabeh sing wis dilakoni, banjur takon maneh dhawuhe dorna. Resi dorna mangsuli, menawa sejatine kayu gung susuhing angin mung pasemon supaya bratasena bisa entuk tirta pawitrasari kang ana ing samodra minangkalbu.
Bratasena banjur lunga nutugake laku. Tekan ing pinggir segara sing ra ono watese, ombak kang gedhe lan bledhek kang nyamber-nyamber, bratasena nyilem ing dhasare samodra. Saperlu nggoleki tirta pawitrasari. Ing dhasar samodra, bratasena dicegat dening naga kang gedhene sak uwit tall utawa gebang. Wusanane tarung ora bisa diselaki. Antarane mati lan urip bratasena akhire iso ngasorake naga mau.
Nanging bratasena banjur ora eling babar pisan, anane mung peteng ndhedhet sepi tanpo swara. Banjur Dewa Ruci rawuh, sing wujude memper bratasena nanging mung saepek-epek. Ngalem bratasena kang iso ngalahake naga sing wis ngalang-alangi niyate bratasena. Banjur bratasena nyembah dening Dewa Ruci lan takon. Wonten pundi dununging banyu pawitrasari. Banjur dewa Ruci ngutus bratasena mlebu ing njero ragane dewa ruci nyawiji karo dewa Ruci. Brata sena rumangsa tentrem, ing kono digambarke pandam pandoming dumadi. Yoiu kabeh ana pepesthine, manungsa kudu bisa nglakoni hukume alam. Banjur Dewa Ruci ngendika, tegese kowe wis bisa mudheng bekti marang gusti kang maha agung, lan aja kaget karo cahya kang werno werni amargo atimu kang suci.
Sawetara kuwi, ing sokalima permadi lapuran marang resi dorna yen brata sena durung bali. Banjur dorna nusul bratasena ing pinggir segara. Banjur nemokake bratasena kang lagi gumlethak ing pinggir segara.

(Kajarwaake saka: Bungai Rampai Wayang Purwa Beserta Penjelasannya, kanti owah-owahan saperlune).