Minggu, 29 Maret 2020

SEGO JAGUNG PANGANAN KHAS GROBOGAN


SEGA JAGUNG PANGANAN KHAS GROBOGAN
Sega jagung minangka salah siji panganan kang kagolong panganan pokok ing dhaerah Grobogan.  Ing mangsa ketiga biasane padha adang sega jagung, amarga cadhongane gabah uwis entek. Mula padha adang sego jagung, jupuk saka gantangan. Yen gabah kuwi disimpen ing grobog, nanging yen jagung diombyoki trus digantang ning ngisor empyak.
Adang sego jagung kui rada angel lan kudu sabar. Mergo butuhake proses rong dina sakdurunge adang kudu wis diwiwiti.  Jagung sing wis dipupur digecrek ing dhuplak utawa lumpang. Diarani digecrek kui mbok menawa amarga swarane pas ditutu mak crek-crek.  Nggecrek jagung iki ngasilake jagung sing wis dho moncek utawa pecah banjur diarani plonthosan. Iki mengko sing bakale digawe sego. Sisane yoiku kulit jagung lan ndheg-ndheke sing diarani dhedhak jagung. Dhedhak jagung iki bisa kanggo pakan pitik utawa bebek. Bisa uga digawe panganan yaiku entho-entho.
Plonthosan, banjur dikum antarane rong dina, anging banyune kudu diganti pendhak dina, supaya ora banger utawa bacin.  Plonthosan mau yen arep dimasak kudu ditus ing tumbu supaya atus utawa banyune ilang.  Yen wis atus, plonthosan mau di glepung ing lumpang, kanthi diayaki digolekki sing lembut. Yen wis lembut kabeh, tegese wis siap digawe sego jagung kanthi cara didang, mula diarani adang jagung utawa bethak jagung. Adang jagung biasane ning pawon nganggo dandang temen, kukusan, nyaton, kekep/ cuwo, lan ngaron. Ananging cara saiki bisa nganggo dandang sabruk.
Carane adang yaiku glepung jagung mau dakaru dhisik yoiku dibanyoni nganggo banyu panas ing ngaron, ditutup sik nganggo tampah supaya mungkruk utawa dadi karon. Iki jenenge dikaru. Yen wis ngono banjur ditapungke utawa tapung karon, utawa dientebke ing kukusan sing wis dipasang ing dandang. Ojo lali diwenehi nyaton supaya sega jagunge ora kaclop ing banyu dandang. Kukusan banjur ditutup kekep utawa cuwo. Antarane 15 menit biasane wis mateng. Kukusan diangkat saka dandang banjur dituplak ning tampah. Rada diler supaya adhem banjur arep diwadhahi tumbu dinetnet utawa dibucu, digulung godhong gedhang dadi brangkal, utawa ben mawur ngono wae dadi sega jagung.
Sego jagung bucu lan gulung, utawa brangkal iki iso awet sewengi, dadi bisa di enggo sarapan sesuk. Sega jagung iki dilawohi opo wae mathuk. Kaya ta, gereh, kuluban, bothok, jangan menir, jangan lompong, lan liya-liyane.

Iki vidio carane gawe sego jagung 

https://www.youtube.com/watch?v=MSdmqxzryyY

1 komentar: