Selasa, 17 Maret 2020

SINAU NING NGOMAH KELAS X GLADHEN 3


Gladhen 3.

Wangsulana kanthi milih jawaban sing bener.
  1. Saben kasusastran kang apik mesthi ngemu teges kan ora wantah, mula kudu di...
a.        adaptasi
b.       interpretasi
c.        interaksi
d.        mekarake
e.        resensi

  1. Geneya perang gedhe ing mahabarata diarani Bharatayuda?
a.       Sebab nyritaake perange maha lawan barata
b.       Sebab nyritaake perang gedhe darah bharata
c.       Nyritaake perange wong bener lawan sing salah
d.        Sebab barata dadi yuda ing mahabarata
e.        Sebab nyritaake perang kang dawa

  1. Baratayuda iku perang antarane darah turunane Barata yaiku...
a.       Ayodya-Alengka
b.       Kresna lan Harjuna
c.        Pandhawa lan Kurawa
d.        Pandu lan Salya
e.        Baladewa lan Anoman

  1. Dewa Ruci iku critane...
a.       Arya Werkudara disingkirake neng alas
b.       Werkudara ngupadi banyu panguripan
c.        Arya werkudara mungsuh bala kurawa
d.        Werkudara lair
e.        Gathotkaca lair

  1. Ing satengahing samodra Bima ketemu karo ula naga. Ula naga iku mralambangake apa?
a.       Hawa nepsu
b.       rukmakala
c.        ego
d.        ngelmu
e.        jatidiri

  1. Sawise ketemu naga banjur Bima ketemu Dewa Ruci kang memper Bima ning wujude cilik. Dewa Ruci iku mralambangake apa?
a.       Hawa nepsu
b.       rukmakala
c.        ego
d.        ngelmu
e.        jatidiri

  1. Buta Rukmaka lan Rukmakala ana ing crita Dewa Ruci iku nggambarake ....
a.       jatidiri
b.       ego
c.        kawruh
d.        nepsu
e.        kabecikan

  1. Piranti ing pagelaran wayang yaiku
a.       Wayang, kothak, sindhen
b.      Wayang, pethi, cempala
c.       Wayang, dhalang, peniti
d.      Wayang, gunungan, sajen
e.       Sindhen, dhalang, niyaga

  1. Paraga sing ana ing pagelaran wayang.
a.       Dhalang, sindhen, mc
b.      Dhalang, sindhen, paniti
c.       Dhalang, sindhen, ledhek
d.      Dhalang, panonton, shoting
e.       Dhalang, wayang, sing duwe gawe

  1. Kain kanggo layar wayang diarani…
a.       Tonil
b.      Geber
c.       Layar
d.      Dheklit
e.       Kelir

Tulisen wangsulanmu ing buku tugas, diwenehi katrangan dina lan tanggal.


Sumber wacan:



Tidak ada komentar:

Posting Komentar