Rabu, 02 Mei 2012

PASRAH PANAMPI MANTEN


I
BEBRAYAN
A.   Nyemak
Ngrungokake sesorah ing upacara adat temanten Jawa sing andharake langsung utawa lumantar rekaman
Saben acara kang dumadi ing dhaerahmu mesthi ana rancangan acara kang digawe luwih dhisik. Rancangan acara kuwi mau digawe kanthi ancas supaya lakuning acara bisa turut lan runtut ora waton lumaku nanging lumaku kanthi waton. Saliyane kuwi, anane rancangan acara kuwi mau bisa gawe cethane para tamu kang diaturi rawuh. Kanthi rancangan acara iku mau uga bisa ndadekake paraga kang bakal kapiji bisa samekta sadurunge jejibahan kuwi mau ditindakake.
Pranata cara yaiku wong sing ngatur lakune acara. Pranata cara nduweni tanggung jawab nglancarake lan nyukseske sawijining acara. Mula pranata cara kudu nduweni kaprigelan kaya mengkene:
1.    Nguwasani ing babagan apa wae sajroning acara
2.    Tekane luwih dhisik, saengga bisa samekta ing dhiri
3.    Ngerti sapa-sapa paragane ing saben acara
4.    Tanggap ing swasana
5.    Luwes basa lan ature
6.    Mumpuni ing samubarange.
Mirengke tuladhane pranata adicara kang diparagaake Bp/Ibu guru, lan waspadakna sikep lan solah bawane, banjur wenehana panyaruwe.
Assalamu'alaikum wr wb,
Nuwun, kulanuwun.
Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang sinuba ing pakhurmatan. Para kadang wredha mudha ingkang winantu ing suka basuki.
Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kula cumanthaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula piniji hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwawahan prasaja ing ratri kalenggahan punika.
Sumangga kula derekaken sesarengan manengku puja wonten ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung. Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika, saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng Bapa Sardjito sakulawangsa anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:
Eko laksitagati, purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasana rinengga
Dwi laksitagati, lampahipun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana wiwaha
Tri laksitagati,    pasrah-pinampi putra temanten kakung
Catur laksitagati,      dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhiwadana ingkang sampun sinengker tumunten kalajengaken upacara krobongan
Panca laksitagati,    nderek mangayuhbagyahipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing sasana wiwaha tumunten kalajengaken upacara sungkem
Sad laksitagati, atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para tamu
Sapta laksitagati,      lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian
Hasta laksitagati,      sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu nyenyadhang pudyastawa murih widadaning bebrayan
Nawa laksitagati,      paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.

Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika. Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras rarasing gending-gendhing saking Paguyuban Karawitan Sekar Melathi.

Nuwun, matur nuwun.

Negesi tembung
Tembung-tembung ing ngisor iki golekana tegese kang ana ing tengene.
NO
TEMBUNG
TEGES

PILIHAN
1
Sumawana
........................................

Kepilih
2
tabik
........................................

Bebas
3
Tinebihna
........................................

Epek-epek
4
Kamardikan
........................................

Didohna
5
Piniji
........................................

Kabeh
6
Pangendaliwara
........................................

Ngepaske
7
Mratitisaken
........................................

Pahargyan
8
Pawiwawahan
........................................

Sadulur
9
Sakulawangsa
........................................

Mudhune
10
Rinacik
........................................

Sambutan
11
Mijil
........................................

Sapasang
12
Lampahipun
........................................

Sakulawarga
13
Kalajengaken
........................................

Ngatur acara
14
Kadang
........................................

Lakune
15
pangbagyaharjo
........................................

Lungane
16
Lengseripun
........................................

Dirancang
17
Sarimbit
........................................

Diterusake
18
paripurnaning
........................................

Metu
19
Jengkaripun
........................................

Ngono
20
Mekaten
........................................

Rampunge

Gladhen
Paragakna tuladha kasebut kanthi luwes.

B.   Micara
Ngandharake/nindakake sesorah pasrah panampi ing pahargyan dhauping temanten Jawa.
Sawijining acara kang diarani tanggap wacana sajroning pahargyan manten yaiku atur pasrah lan panampi pasrah temanten. Pasrah temanten kakung katindaaken dening kluwarga besan, dene panampi pasrah dening ingkang hamengku gati/ sing duwe gawe.  
Tuladhane pasrah lan panampi:
Besan                                                : Bp./Ibu Sardjono
Ingkang hamengku gati     : Bp./Ibu Sarjito
Temanten kakung               : Bagus Sudibyo, ST
Temanten putri                     : Rr. Salindri, SE
Ingkang pasrah                    : Daryatmo
Ingkang nampi pasrah        ; Bp. Sadono
Wiwahan                               : dinten Minggu, 11 Desember 2012
Tuladha Pasrah
Nuwun,
Katur dhumateng Bp. Sadono ingkang kinormatan, ingkang jumenengipun tinanggenah dados wakilipun Bp. Sarjito sekalian. Ing ngriki kula pinjil dados paraga sulih sariranipun Bp. Sarjono sekalian, ngemban jejibahan kinen sowan saha matur wonten ing ngarsa penjenengan.
Saderenge kula ngaturaken wigatining sowan kula prelu langkung rumiyin ngunjukaken raos suka syukur alhamdulillah dhumateng Pangeran Ingkang Maha Agung, dene awit saking sih berkah tuwin sih rahmatipun, penjenengan kula saget sami pinanggih kanthi wilujeng, winantu ing suka rena.
Bapak Sadono ingkang kinormatan sasampunipun kula kasembadan sowan ing ngarsa panjenengan, kula kinen ngaturaken salam taklimipun Bapak Sarjono sekaliyan mugi kaaturna dhumateng Bapak Sarjito sekalian, dene ingkang dados telenging sedya saha wigatining prelu, kula kadhawuhan nglrapaken temanten kakung pun Bagus Sudibyo, ST, atmaja kakungipun Bapak Sarjono sekaliyan ingkang pidalem ing Kuripan Purwodadi ingkang ing dinten punika, Minggu, 11 Desember 2012 badhe kadaupaken kaliyan anak Rr. Salindri, SE putra putrinipun Bapak Sarjito sekaliyan, hawit saking punika titiwanci punika temanten kakung pun bagus Sudibyo, ST, kula pasrahaken ing ngarsa panjenengan borong menggah kalaksananing sedya. Kula namung nderek memuji, mugi sadayanipun tansah manggiya wilujeng.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi anggen kula sowan wonten tunadungkaping tumindak utawi kirang jangkeping trapsila, samanten ugi manawa atur kula mboten mranani ing panggalih, kepareng hangluberaken samodra pangaksami
Nuwun matur nuwun.

Tuladha Nampi Pasrah Temanten

Nuwun /kula nuwun,
Katur dhumateng Bp. Daryatmo ingkang kinormatan. Kula ing mriki minangka sulih sariranipun Bp. Sarjito sekaliyan, titiwanci punika mundhi dhawuhipun kinen nampi saha hananggapi menggah rawuh panjenengan.
Ingkang punika langkung rumiyin kula munjukaken puji syukur Alhamdulillah dhumateng ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha Agung, dene hawit saking paringipun berkah lan pangayomanipun, panjenengan sampun kasembadan rawuh ing mriki kanthi wilujeng.
Dene punapa ingkang dados wigatinipun, ing ngejeng sampun panjenengan dhawuhaken, wiwit purwa ngantos wasana kados mboten kirang trewaca malih menggah panampi kula, inggih punika salam taklim saking Bapak Sarjono sekaliyan sampun kula tampi lan badhe kula aturaken dhumateng Bapak Sarjito sekaliyan, samanten ugi Bapak Sarjito sekaliyan ngaturaken salam kawilujengan mugi katur Bapak Sadjono sekaliyan, salajengipun pasrah panjenengan temanten kakung pun Bagus Sudibyo, ST, kula tampi kanthi suka bingahing manah, lan enggal badhe kapanggihaken kaliyan Rr. Salindri, SE putra putirinipun Bapak Sarjito sekaliyan. Dhumateng Bapak Daryatmo sapangombyong, sasampunipun dhauping temanten ing mangke kula suwun lenggah ngestreni saha hanjenengi wiwahan punika ngantos paripurna.
Semanten atur panampi kula, manawi wonten galap gangsuling atur mugi keparenga paring pangapura.
Matur nuwun.
Negesi tembung
NO
TEMBUNG
TEGES

PILIHAN
1
Sulih sarira
........................................

Terlaksana keinginan
2
Wigatining sowan
........................................

Perlindhungan
3
Nglarapaken
........................................

Ngemban tugas
4
Jejibahan
........................................

Kasil/kalakon
5
Kaleksananing sedya
........................................

Terserah
6
Mundhi dhawuh
........................................

Anak
7
Nampi
........................................

Pentinge mara
8
Pengayoman
........................................

Wakil
9
Kasembadan
........................................

Omahe
10
Borong
........................................

Tugas
11
Atmaja
........................................

Kurang genep
12
Pidalem
........................................

Sopan
13
Kapasrahaken
........................................

Ngeterke
14
Wasana
........................................

Seneng
15
Tunadungkap
........................................

Ati seneng
16
Trapsila
........................................

nunggoni
17
Sapangombyong
........................................

Pungkasane
18
Suka
........................................

Nampa
19
Bingahing manah
........................................

Sapangiring/rombongan
20
Ngestreni
........................................

Dipasrahke

Gladhen
1.    Paragakna tuladha kasebut kanthi luwes gilir gumanti.
2.    Wenehana panyaruwe kaendahan utawa kang kurang pas.
3.    Wenehana tuladha sing luwih sampurna sauwise ngerteni kurange.

C.   Kawruh Budaya
Urut-urutaning adat pahargyan manten.
1.    Penganten putri tumuju dhampar temanten.
2.    Penganten kakung tumuju madyaning pawiwahan.
3.    Pasrah-panampi.
4.    Temanten panggih banjur lenggah.
5.    Upacara adat:
-       Timbangan
-       Kacar kucur
-       Dulangan
-       Sungkeman
-       Adang-adangan
-       Mbedhudhukan/ beksan, menawa mantu mbarep, ragil, utawa tunggal.
6.    Kirab temanten 1, lampahing temanten tumuju panti busana ganti busana kasatriyan
7.    Kirab temanten 2, lampahing temanten saka panti busana tumuju dhampar temanten
8.    Sabdatama/ ular-ular/ khotbah temanten
9.    Poto-poto
10. Temanten mapan ing gapura pawiwahan pratandha pawiwahan purna  


1 komentar: