Minggu, 06 Mei 2012

CAKEPAN NYIDHAMSARI

BAWA (Dhandhanggula)
Duh wong ayu, pepujaning ati
Kaya ngene, wong nandang asmara
Apa ta awakku dhewe
Duh Dewa Jawata Gung
Welaso mring wak mami
Besok kapan katekan
Jejer klawan wong ayu
Tak umpamakna nakodha
Tanpa prau sasat bisa den pepetri
Nyidam sari asmara



NYIDHAMSARI
Umpama sliramu sekar melathi
aku kumbang nyidamsari
Umpama sliramu margi wong manis, 
aku kang bakal ngliwati

Sineksen lintange luku semana,
janji prasetyaning ati
tansah kumanthil ning netra rinasa
rasa rasaning ndriya

Midera sak jagad raya 
kalingana wukir lan samudra
nora ilang memanise adhuh..... 
dadi ati selawase

Nalika nira ing ndalu atiku
lam-lamen sira wong ayu
nganti mati ora bakal lali 
hla kae lintange mlaku

Tidak ada komentar:

Posting Komentar