Kuncara:   “Sumangga kanca-kanca manawi wonten pamanggih
utawi usulan supados kreteg ingkang ambrol menika saget dipun liwati malih.”
Heru       :  (ngacung)
Kuncara:   “Mangga
mas Heru.”
Heru       :  “Matur nuwun, kula
nggadhahi pamanggih bilih kita kedah ndamel kreteg dharurat wonten sisihipun,
saengga para warga saget miyos. Lajeng...”
Arga       :  “Wah kesuwen! Langsung
dibangun wae!”
Kuncara:   “Sekedhap Mas Arga,...” 
Paijo       : “O.. Arga i, nyela-nyela!”
Arga       : “Hla piye Jo, kesuwen to? 2x kerja kuwi! Iyo to?”
Kuncara:   “...kersanipun usulanipun Mas Heru rampung
riyen. Mangke gentosan, lajeng dipun rembag sesarengan. Mangga mas Kuncara dilajengke.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar