Selasa, 22 Mei 2012

MATI URIP KARO KOWE

Kene kene kene lungguh kene (Sini sini, sini duduk sini)
Omong-omong dikepenakke (Omong-omong santai)

E e … e e … oke oke wae (E e … e e … oke oke saja)
Pancen perlu kanggone aku kowe (Memang aku ada untuk dirimu)

Mumpung lego aku arep takon mas (Mumpung ada waktu, aku mau tanya, mas)
Yen toh pancen kowe tresno aku (Kalau memang kamu cinta aku)

Ben kowe soyo leh percoyo (Biar kamu makin percaya)
Tak wangsuli cobo takonono (Aku akan menjawab, silakan tanya)

Yen leh mangan lawuhku lawuh tempe (Kalau aku makan dengan lauk tempe)
Wis mesthine aku yo lawuh tempe (Sudah semestinya aku juga lauk tempe)

Yen ben isuk ben sehat aku dhedhe (Kalau setiap pagi biar sehat aku berjemur)
Kwajibanku aku ngancani dhedhe (Kewajibanku untuk menemani berjemur)

Yen dong bokek sithik wae ora ono dhuwit (Kalau lagi bokek tak punya uang sama sekali)
Cepet-cepet nonggo tak utangke (Cepat-cepat ke tetangga aku carikan hutang)

Kepenak ra kepenak darling (Enak tidak enak, darling)
Mati urip barengan selawase (Hidup mati bersama selamanya)

Dialog :
  • Mas, piye to kok diutangke (Mas, bagaimana sih kok dicarikan hutang)
  • Lha wong aku durung nyambut gawe lho dik (Habis aku belum kerja lho, dik)

Yen dong bareng lungan karo aku (Kalau sedang bepergian denganku)
Ruh wong ayu kowe njur kepiye (Melihat wanita cantik apa reaksimu)

Ra orane aku kepincut dek’e (Tidak mungkin aku terpikat padanya)
Paling-paling mung nglirik sithik wae (Paling banter cuma melirik sedikit saja)

Sirah mumet mergo masuk angin (Kepala pusing karena masuk angin)
Opo kowe saguh ngeroki (Apa kamu mau mengeroki)

Dialog :
  • Yo sanggup to … (Ya sanggup dong)

Tak gosok tak pijeti terus (Aku gosok, aku pijat-pijat terus)
Lha pokoke nganti kowe mari (Yang penting kamu sembuh)

Yen njur mlaku ora njarag kesandhung watu (Kalau lagi jalan aku tersandung batu)
Tak tambani watune tak gebugi (Kuobati, batunya aku gebuki)

Yen no ndalan ono pria nggodha aku (Kalau di jalan ada laki-laki menggodaku)
Yen wonge cilik tak tantang tak penthelengi (Kalau orangnya kecil kutantang, kupelototi)

Yen kliyengan dumadakan njur semaput (Kalau tiba-tiba aku limbung lalu pingsan)
Yo mesthine aku melu … (Ya semestinya aku ikut …)

Dialog :
  • Lho lha kowe lek semaput nang dalan yo tak tinggal (Lho kalau kamu pingsan di jalan ya kutinggal)
  • Mas, kok ditinggal to? Ra tresno (Mas, kok ditinggal sih? Nggak cinta)
  • Yo tresno. Ning semaputmu ojo nang dalan. Ngisin-isini (Ya cinta, tapi kalau pingsan jangan di jalan. Memalukan)
  • Yo wis tak semaput ning omah (Ya sudah aku pingsan di rumah)
  • Lha ngono dadi iso semaput bareng (Nah begitu, jadi bisa pingsan bersama-sama)

Opo tenan mati urip karo aku (Apa betul mati hidup bersamaku)
Wani sumpah seksine langit bumi (Berani sumpah disaksikan langit bumi)
Sing pungkasan rungokno tak takoni (Yang terakhir, dengarkan, aku mau tanya)
Bukti tresno aku kudu nglegani (Bukti cinta, aku harus membuatmu senang)
Yen wis nasib awakku ndhisiki mati (Kalau sudah nasib aku mendahului mati)
Opo kowe yo saguh ngancani (Apa kamu mau menemani)
Pitakon ojo aneh-aneh (Kalau tanya jangan aneh-aneh)
Marakke bingung piye leh ku mangsuli (Aku jadi bingung bagaimana menjawabnya)

Dialog :
  • Mas
  • Opo (apa)
  • Iki lho (Ini lho)
  • Halah pengen kuwi mesthi (Halah, kepengen itu pasti)
  • Ora (Nggak)
  • Lha ngopo (Lha kenapa)
  • Awakku (Badanku)
  • Diapakke maneh, lha wong wis lemu koyo ngono lho (Mau diapakan lagi, sudah gemuk begitu)

Dialog :
  • Mas
  • Piye dik (Bagaimana dik)
  • Takon yo (Tanya ya)
  • Yo, tak wangsuli (Ya, aku jawab)
  • Yen umpamane aku kembang (Seandainya aku bunga)
  • Yo aku dadi tawone to (Ya aku jadi lebahnya dong)
  • Lha terus piye (Lha memangnya kenapa)
  • Lha perlune kan aku iso ngentup terus (Biar aku bisa menyengat terus)
  • He he … ojo guyon to ah (He he … jangan bercanda dong)
  • Isin aku dirungkokke wong okeh lho (Malu aku didengarkan orang banyak lho) (mp2)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar