Selasa, 17 Maret 2020

SEJARAH CARIYOS WAYANG



Wayang menika anggadhahi teges ingkang maneka warna. Wonten ingkang mastani bilih wayang menika saking tembung ayang-ayang minangka gegambaraning jalma/ manungsa. Ugi wonten ingkang nyebataken bilih wayang menika cekaan saking tembung –wahananing hyang- tembung wahana tegesipun panggenan utawa prantara, dene tembung hyang tegesipun gusti ingkang hakarya jagad.
Dene wayang piyambak miturut sumber ingkang wonten, minangka kabudayan asli Jawa ingkang sampun wonten saderengipun mlebetipun cariyos Ramayana saha Mahabarata ing tanah Jawa saking negari India. Cariyos mahabarata lan ramayana kawiwitan dipun serat ing basa Jawa kuna, pungkasan abad 10 jaman raja Darmawangsa teguh (991-1016M) Raja ing Kediri. Cariyos Ramayana ingkang basa sansekertanipun Ramayana saking tembung Rama dalah Ayana ingkang tegesipun lampahing Rama. Cariyos menika dipun anggit dening Walmiki/ Valmiki/ Balmiki. Dene cariyos Mahabara ingkang dipun anggit dening begawan Byasa / Viyasa, cariyos menika wosipun ngengingi pandhawa saha Kurawa ingkang rebatan negara astina.
Ananging cariyos Ramayana saha mahabarata menika rikala ing tlatah Jawa lajeng kagubah malih dening para winasis, pramila menika wonten beda bedanipun antawisipun cariyos Ramayana saha Mahabarata ingkang saking India kaliyan ingkang wonten ing Jawa. Cariyos Mahabarata ingkang ngandhut kabudayan India poliandri, saha kelompok sosial kasta saha filosofi gesang ingkang benten kaliyan filosofi Jawi, pramila cariyos ramahaya saha Mahabarata dipun ewahi dening para winasis ing Jawi wekdal semanten. Umpaminipun empu sedah, empu kanwa, empu panuluh/ panaluh (zooetmoelder, 1984).ugi tuwuh paraga- paraga Jawi kadosta punakawan, rseksa, buta cakil, buta terong. Karipta ugi cariyos carangan umpaminipun : Dewa Ruci.
Gesering jaman sabanjuripun sumberipun cariyos wayang mboten namung saking mahabarata saha ramayana, ananging ugi wonten babon cariyos wayang sanesipun. Kadosdene cariyos Panji, cariyos seta, cariyos saking timur tengah lsp. Bedabedaning babon cariyos wayang manika amargi ngermbakaning donya pagelaran wayang. Cariyos wayang saya tuwuh ngrembaka sesarengan ngrembakanipun donya pakeliran.
Dipun tingali saking babonipun cariyos wayang, pagelaran wayang saged kaperang dados: wayang purwa, ingkang babonipun saking cariyos mahabarata saha ramayana. Wayang madya, nyariyosaken jaman udayana/ parikesit dumugi jayalengkara. Wayang wasana utawi wayang klithik ingkang nggambaraken ssejarah demak saha pajang (poedjosoedarmo, dkk, 1986).
Dipun tingali saking bahan ingkang dipun agem, wayang kaperang dados pinten-pinten jenis, antawisipun inggih menika; wayang beber, wayang golek, wayang suket, wayang gethuk, wayang klithik, wayang kulit.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar