Selasa, 17 Maret 2020

ANOMAN OBONG

Dewi shinta wis kelakon diculik dening prapu rahwana/ dasamuka ing kraton ngalengkadiraja, banjur dipapanake ing taman kaputren, dewi shinta ora doyan mangan lan ngombe nganti awakke kuru aking, rambute gimbal diore amarga suwe ora adus. Kabeh mau amarga supaya rahwana wegah nyedhaki dheweke. Kanggo njaga kaslametane dewi sintha nggegem cundrik/ keris cilik. Dadi samangsa-mangsa prabu rahwana teka arep ngrudapeksa, dheweke banjur ngancem arep ngayut tuwuh utawa nglalu.
Ing taman amung dewi tri jatha sing bisa ngereh reh lan mbujuk dewi shinta supaya gelem mangan. Dewi tri jatha ayu rupa lan budine, beda karo putri kraton liyane sing tumindake kasar marang dewi shinta. Umpama ora ana tri jatha dewi sinta mesthi wis mati suduk sarira, tri jatha kasil ngereh-reh supaya ora nglalu.
Sawetara kuwi Sri rama wijaya diangkat dadi ratu ing kraton guwa kiskendha ngratoni bangsane kethek, Sugriwa lan wadyabalane.
Sawijining dina, sri rama wijaya kirim utusan kethek putih sing aran anoman. Anoman diutus sri rama wijaya supaya golek sisik melik/ kabar ing ngendi lan piye kahanane dewi Shinta.
Tekan kraton alengka, anoman njujug taman kaputren. Ing kono dhewekke kelakon nemoni dewi shinta lan trijatha. Anoman banjur ngaturake ali-aline sri rama marang dewi shinta. Sawise mangerteni kahanane dewi shinta, lan kekuwatane prajurit ngalengka diraja, anoman banjur bali.
Nanging anoman konangan prjurit ngalengko banjur dirangket digawa menyang ngarsane prabu rahwana. Dening prabu, anoman diukum obong ing alun-alun. Nanging anoman kuwi kethek kang sekti ora mempan diobong. Nalika diobong anoman mencolot menyang dhuwur empyak kraton gawa geni mbulat-mbulat. Wusanane kraton ngalengka kobong kabeh dadi segara geni. Prabu dasamuka nesu lan mrentahake prajurit ngalengka supaya nyekel anoman. Nanging anoman wis kasil lolos lan bali atur palapuran marang sri rama wijaya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar