Prabu Pandhu lan dewi Kunthi lagi
dhuhkita jalaran laire putrane kang awujud bungkus. Ora ana gaman sing bisa
mbedhah bungkuse bayi mau. Sawetara kui kurawa uga melu cawe-cawe mecah
bungkus, nanging mung apus-apus. Amarga sajane duwe karep nyirnaake si bungkus.
Manut wisike dewa si bungkus kudu buwang ning alas krendhawahana.
Ing pertapan wukiretawu begawan Abiyasa
katekanan raden permadi kang didherekake para panakawan. Kanjeng eyang,
kadospundi nasibipun kakang bungkus sampun sawetawis warsa mboten wonten suraos
ingkang sae babagan menika eyang? Andadosaken dhuhkitanipun kanjeng ibu Kunthi.
Mesthine sang winasis kang pancen luber
ing pambudi wis ppirsa apa kang dadi lakon. Putuku ngger permasi, mangertia
kakangmu lagi nglakoni karmane ing tembe kakangmu si bungkus bakal dadi satriya
utama lan bakal oleh apa kang diarani wahyu jati.
Anane si bungkus dadekake geger. Bumi gonjang ganjing langit kelap-kelap. Ing
suralaya badhara guru nimbali gajah seno, putane bathara kang awujud gajah,
kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatine manungsa. Sang guru uga ngutus
dewi umma kinen nggladhi kawruh kautaman marang si bungkus. Rampung anggone
parinng piwulang, dewi umma menehi busana jarik bang bintulu, gelang lan kuku
pancanaka.
Wusanane gajah sena mbedhah bungkus
nganggo gadhing. Pecahe bungkus ndadekake jabang bayi kaget lana nesu amarga
wis di ganggu. Akhire ngamuk lan perang ora iso di selaki. Gajah seno
dibanting, wujude gajah sena sisrna nanging kekuwatane manjing ning jero awake
sang bayi.
Bathara narada rawuh banjur si bayi
takon, hmmmmmmm..... aku iki sopo?...... banjur bathara narada ngendika,
perkencong-perkencong pak pak pong waru doyong tegor nguwong.... ngger, sira
kuwi sejatine putra nomer loro ratu ing amarta prabu pandhu dewanata. Sira lair
awujud bungkus lan kersaning dewa sira kudu dadi satriya utama, lan sira tak
paringi jeneng Bratasena.
Dumadakan Ratu tasikmadu
rawuh njaluk pitulungan amarga negarane katekan raseksa kang ngamuk. Bathara
narada ngutus bratasena supaya nyirnaake raseksa sing ngamuk aran raja kaladhahana,
patih kalabantala, kala maruta lan kalaranu. Para raseksa sirna. Patang
kekuwatan saka para raseksa mau nyawiji marang awake raden bratasena, yaiku
kekuwatan geni, lemah, angin, lan banyu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar