Tampilkan postingan dengan label BELAJAR ON LINE. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label BELAJAR ON LINE. Tampilkan semua postingan

Minggu, 07 Februari 2021

BUDAYA WEWALER

 

Wewaler menika salah satunggaling kabudayan jawi ingkang awujud pitutur luhur. Pitutur menika boten namung awujud ujaran utawi panyaruwe mawi lisan, nanging saged awujud menapa kemawon. Wonten ing gugon tuhon kathah ingkang awujud pitutur para tiyang sepuh dhumateng putranipun. Wonten ing gugon tuhon yaiku kapercayan wong jawa marang sawenehing bab utawa prakara kang ora tinemunalar.

Tumrape wong jawa kang percaya utawa ngandel tansah duwe rasa was sumelang menawa ora bisa nyranani utawa nyembadani prakara kang dianggep mbebayani iku. Kathah ingkang nggadhahi pamanggih ingkang beda babagan gugon tuhon, amargi gugon tuhon kemawon wujudipun warni-warni.

Tuladha 
1. Ora ilok lungguh nang bantal, mengko wudunen.
Artine:
    Menawa lungguh nang bantal ora apik, amarga bantal iku sing bener kanggo mustaka

2. Aja mangan karo ngadeg, mengko ora payu rabi
Artine:
    Nalare mangan karo ngadeg iku saru, becike mangan karo lungguh sing apik lan sopan.

3. Aja ngidoni sumur, mengko suwing lambene.

Artine:
    Menawa sumur kena idu, banyu sak jrone sumur bakale reged kabeh lan ora sehat, apa maneh yen duwe lelara nular

4. Ora ilok ngewehi banjur njaluk bali, mengko gulune godhoken.

Artine:
    Nalika ngewehi apa bae kudu iklas, ora kena dijaluk maneh.

5. Ora ilok dolanan beras, mengko tangane kithing.

Artine:
    Nalare beras iku bahan panganan sing ora becik yen dinggo dolanan, amarga nek nggo dolanan beras iku bisa semrawut lan kotor

6. Aja nganggo klambi ijo utawa Biru ning segara mengko dadi mangsane nyi roro kidul

Artine :
    Dikhawatiraken nalika ana ombak gede lan wonge keseret ombak, Tim SAR bakal angel nulungine, sebab klambine meh pada karo warna laut.

7. Aja metu candhikala, mbokan diculik wewegombel.
Artine :
    Wewaler iki digawe supaya bocah-bocah cilik ora metu ngumah nalika candikala utawa maghrib, amarga wektune ibadah lan ngaso.

8. Aja ngethoki kuku wengi-wengi.

Artine :
    Maksude supaya tangane ora tatu, amarga jaman mbiyen durung ana listrik, dadi nalika wengi iku peteng.

9. Ora ilok singsot wengi-wengi, sebab bisa ngundang setan.
Artine :
    Amarga singsot wengi-wengi ndadekaken tetanggane kiwa tengen keganggu.

10. Ora ilok mangan nyangga piring

Artine :
    Yen mangan kui piringe diselehke meja. yen disangga tangan lolalaline njomplang wutah kabeh ora sido mangan.

Senin, 20 Juli 2020

Standar Kompetensi Bahasa Jawa SMA Kelas X semester 1

1. Serat Wedhatama pupuh Pangkur

Memahami, mengidentifikasi, menganalisis, dan mengevaluasi  konsep, struktur, kaidah  dan pitutur luhur teks tembang Pangkur (Wedhatama)  lisan maupun tulisan.

Menginterpretasi, memroduksi, menyunting, dan menyajikan teks tembang Pangkur (Wedhatama)  lisan maupun  tulisan.

2. Teks Crita Cekak (Cerkak)

Memahami, mengidentifikasi, menganalisis, dan mengevaluasi konsep, struktur, kaidah  dan pitutur luhur teks crita cekak (tema tanggung jawab) lisan maupun tulisan.

Menginterpretasi, memroduksi, menyunting, dan menyajikan teks  crita cekak  (tema tanggung jawab) lisan maupun  tulisan

3. Teks Pawarta

Memahami, mengidentifikasi, menganalisis, dan mengevaluasi konsep, struktur, kaidah  dan unsur-unsur teks pawarta lisan maupun tulisan

Menginterpretasi, memroduksi, menyunting, dan menyajikan teks pawarta  lisan maupun tulisan

4. Teks Budhaya Mantu

Memahami, mengidentifikasi, menganalisis, dan mengevaluasi konsep, struktur, kaidah  dan pitutur luhur teks budaya mantu  lisan maupun tulisan

Menginterpretasi, memroduksi, menyunting, dan menyajikan teks budaya mantu lisan maupun tulisan

5. Teks Akasara Jawa

Memahami, mengidentifikasi, menganalisis, dan mengevaluasi konsep, struktur, kaidah  dua paragraf teks  aksara Jawa  lisan maupun tulisan

Menginterpretasi, memroduksi, menyunting, dan menyajikan dua paragraf teks aksara Jawa  lisan maupun tulisan

Minggu, 12 April 2020

SINAU NING NGOMAH PANGANAN TRADISIONAL GLADHEN 3


Gladhen 3

Gawenen wacana deskripsi panganan sing mbok gawe ing gladhen 2, nganggo basa jawa sing gampang dingerteni. Kurang luwih 500 tembung/kata.


Diwenehi dino lan tanggal.

SINAU NING NGOMAH AKSARA MURDA GLADHEN 4


EVALUASI

1. Aksara murda ana pira?
a.       20              d. 10
b.      15              e.  12
c.       7

2.  Ing ngisor iki gunane aksara murda.
a.       Nulis jeneng, panggonan, huruf gedhe
b.      Panggonan, organisasi, panganan
c.       Badan hukum, asma, tembung
d.      Geografi, asma, huruf kapital
e.       Jeneng, geografi, badan hukum

3.      Pasangan aksara murda kang ora owah saka asline.
a.       Na, ka, ta,
b.      Ka, ta, sa
c.       Ta, sa, pa
d.      Ka, ga, ba
e.       Sa, pa, ba

4. Pasangan aksara murda kang owah saka asline.
a.       Na, ka, ta
b.      Ka, ta, sa
c.       Ta, sa, pa
d.      Ka, ga, ba
e.       Sa, pa, ba

5. "Wa” cerek, iku aksara murda…
a.       Na             d. sa
b.      Ka             e. pa
c.       Ta

6.       
unine…
a.       Baladewa              d. balekambang
b.      Baladewe              e. balewisma
c.       balapecah

7.      


8.       
   
     


9.      

10.  

Digarap ning buku bener kabeh 100

Minggu, 05 April 2020

SINAU NING NGOMAH PANGANAN TRADISIONAL GLADHEN 2

Gladhen 2
Sawise nyemak vidio banjur gatekna maneka werna olah-olah/masak iki.
  1. Adang sego (beras, jagung, ketan dll)
  2. Bubur (lemu, jenang abang, pati, kolak dll)
  3. Njangan (menir, lompong, asem, lodheh, dll)
  4. Gudanngan (urab, kuluban, bothok, dll)
  5. nyambel (trasi, tomat, kemangi, dll)
  6. gae lawuh (mendoan, bakwan, peyek dll)
  7. gae camilan (klenyem, jembret, utri, dll)
  8. olahan extrim khas grobogan (jidhung, keong, walang, dll)
  9. minuman (jamu,  dhawet, rujak degan, dll)
  10. iwak kali (pepes, bakar, bumbu rujak dll)
  11. palawija godhog/dang/bakar (tela, sapah, jagung, waloh, nthik dll)
Langkah –langkah.
  1. Milih salah siji pilihan masakan lan bahan ing dhuwur.
  2. Utawa iso wae ngepasi wayah masak opo wae.
  3. Paraga iso dilakoni dewe utawa anggota keluwarga liyane.
  4. Pambuka vidio kowe dhewe wajahe ketok karo ngomong arep gawe vidio opo.
  5. Critakke nggawene karo nyoting prosesse.
  6. Format Vidio HD landscape (posisi HP turu ojo ngadek)
  7. Vidio atraktif dan interaktif (ana wajah, aktifitas, dialog)
  8. Digawe nganggo editor kena, ora nganggo editor/ langsungan yo keno. bebas.
  9. Yen kurang jelas bisa takon ing komentar ning ngisor iki.
nilai plus yen nganggo pawon/ tradisional.

SINAU NING NGOMAH AKSARA MURDA GLADHEN 3

Gledhen 3:
Sauwise sinau aksara Murda lan gladhen 1 lan 2, ayo digatekake maneh pasinaone kanthi gladhen ing ngisor iki.

Tembung-tembung ing ngisor iki gawenen ukara banjur tulisen nganggo aksara Jawa.
1.      Sendhang coyo
Ukara  : …………………………………………………………………………………………........
Tulisan jawa:
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………........................
2.      Bledhug Kuwu
Ukara  : …………………………………………………………………………………………........
Tulisan jawa:
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………........................
3.      Kedhung Ombo
Ukara  : …………………………………………………………………………………………........
Tulisan jawa:
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………........................
4.      Ki Ageng Getas Pendhawa
Ukara  : …………………………………………………………………………………………........
Tulisan jawa:
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………........................
5.      Pegadean
Ukara  : …………………………………………………………………………………………........
Tulisan jawa:
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………........................
6.      Ki Ageng Selo
Ukara  : ………………………………………………………………………………………….......
Tulisan jawa:
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………........................
7.      Surakarta
Ukara  : …………………………………………………………………………………………........
Tulisan jawa:
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………........................
8.      Bimasena
Ukara  : …………………………………………………………………………………………........
Tulisan jawa:
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………........................
9.      Gunung Agung
Ukara  : …………………………………………………………………………………………........
Tulisan jawa:
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………........................
10.  Medhang Kamulan
Ukara  : …………………………………………………………………………………………........
Tulisan jawa:
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………........................

Minggu, 29 Maret 2020

SINAU NING NGOMAH PANGANAN TRADISIONAL GLADHEN 1

Gladhen 1
Adhedhasar wacan kanthi irah irahan SEGO JAGUNG PANGANAN KHAS GROBOGAN, wangsulana pitakon iki.
  1. Apa kang njalari wong Grobogan adang jagung?
  2. Kepiye carane nyimpen pari lan jagung?
  3. Kepiye carane ngopeni jagung supaya dadi glepung?
  4. Apa wae piranti kang dibutuhake kanggo gawe sego jagung?
  5. Kepiye carane adang sego jagung?
  6. Apa keluwihane sega jagung tinimbang sego beras?
  7. Apa kekurangane sego jagung tinimbang sego beras?
  8. Panganan apa sing bisa diasilake saka dhedhak, lan kepiye carane nggawe?
  9. Sega jagung kuwi wujude ana pirang werna sebutna lan deskripsekno.
  10. Gawea daftar menu sing wuenak sing kira-kira cocog kanggo madhang, sing segane nganggo sego jagung.
Digarap ning buku ojo lali diwenehi dina lan tanggal.

SINAU NING NGOMAH AKSARA MURDA GLADHEN 1 LAN 2

Gladhen 1
Wacanen teks Aksara Murda lan iso uga teks Aksara Jawa.
Banjur wangsulana pitakon iki.
Ukara-ukara ing ngisor iki golekana gathuke tulisan aksara jawa.

Gladhen 2
Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa.
  1.  Presiden Sukarno sumare ing Blitar.
  2. Kali Serang banjir gedhe.
  3.  Kabupaten Grobogan subur makmur.
  4.  Purwodadi kuthane, sing dadi nyatane.
  5.  Ngirim barang lumantar Kantor Pos.
Digarap ing buku banjur diwenehi dina lan tanggal.

Selasa, 17 Maret 2020

SINAU NING NGOMAH KELAS XI GLADHEN 4

Gladhen 4

Gawenen vidio ndongeng crita rakyat kanthi urut-urutan mangkene:
1. Nyiapke naskah crito rakyat (gladhen 3 https://sambelgaring.blogspot.com/2020/03/sinau-ning-ngomah-kelas-xi-gladhen-3.html )
2. Latihan ndongeng ing ngarep kaca tanpo naskah nganti lancar.
3. Golek panggonan sing padhang lan view-ne apik.
4. Busanane sing apik, pantes, lan sopan.
5. Ndongeng di shoting HP kanthi format vidio FHD landscape durasi minimal 3 menit.
6. Wajahe cetho jelas nganggo gaya ndongeng lan ekspresi sing nyenengkake. Diwiwiti nganggo ukara pambuka, tuladhane: "Hey kanca2, ing kene aku arep nyritaake crita rakyat ing dhaerahku kanthi judhul........ Critane mangkeng."
7. Semono uga panutupe, umpamane: " Ngene iki mau crita saka dhaerahku. yen ana lupute anggonku crita aku njaluk pangapura." utawa ukara panutup gayamu dhewe.
8. Vidio di kirim lewat e-mail utawa disimpen lan ditumpuk ing pertemuan sesuk.



SINAU NING NGOMAH KELAS XI GLADHEN 3

Gladhen 3

1. Tulisen salah sijine crita rakyat sing ana ing dhaerahmu kanthi basa sing gampang dimangerteni lan kepenak dicritaake.

Ctt.: Naskah mau minangka bahan kanggo crita ing gladhen sateruse.

Ditulis ing buku tugas, ojo lali diwenehi dina lan tanggal.

SINAU NING NGOMAH KELAS XI GLADHEN 2

Gladhen 2

Wacanen crita rakyat Legenda Joko Tarub https://sambelgaring.blogspot.com/2020/03/legenda-joko-tarub.html

Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi gamblang.
1. Sebutna 3 paraga lan watake, kanthi nuduhake ukarane.
2. Sebutna latar panggonan, wektu lan swasanane, kanthi nuduhake ukarane.
3. Sebutna 3 piwulang/ amanate saka crita rakyat kasebut.

Tulisen jawabanmu ing buku tugas, ojo lali diwenehi dina lan tanggal.

SINAU NING NGOMAH KELAS XI GLADHEN 1

GLADHEN 1

1. Tulisen crita rakyat Joko tarub iki kanthi ringkes nganggo basa jawa.

LEGENDA JOKO TARUB https://sambelgaring.blogspot.com/2020/03/legenda-joko-tarub.html

Ditulis ing buku tugas lan diwenehi jeneg lan tanggal.

SINAU NING NGOMAH KELAS X GLADHEN 4

Gladhen 4

Pilihen salah siji crita iki banjur gawenen naskah dialog wayang.




Tulisen wangsulanmu ing buku tugas, diwenehi katrangan dina lan tanggal.

SINAU NING NGOMAH KELAS X GLADHEN 3


Gladhen 3.

Wangsulana kanthi milih jawaban sing bener.
  1. Saben kasusastran kang apik mesthi ngemu teges kan ora wantah, mula kudu di...
a.        adaptasi
b.       interpretasi
c.        interaksi
d.        mekarake
e.        resensi

  1. Geneya perang gedhe ing mahabarata diarani Bharatayuda?
a.       Sebab nyritaake perange maha lawan barata
b.       Sebab nyritaake perang gedhe darah bharata
c.       Nyritaake perange wong bener lawan sing salah
d.        Sebab barata dadi yuda ing mahabarata
e.        Sebab nyritaake perang kang dawa

  1. Baratayuda iku perang antarane darah turunane Barata yaiku...
a.       Ayodya-Alengka
b.       Kresna lan Harjuna
c.        Pandhawa lan Kurawa
d.        Pandu lan Salya
e.        Baladewa lan Anoman

  1. Dewa Ruci iku critane...
a.       Arya Werkudara disingkirake neng alas
b.       Werkudara ngupadi banyu panguripan
c.        Arya werkudara mungsuh bala kurawa
d.        Werkudara lair
e.        Gathotkaca lair

  1. Ing satengahing samodra Bima ketemu karo ula naga. Ula naga iku mralambangake apa?
a.       Hawa nepsu
b.       rukmakala
c.        ego
d.        ngelmu
e.        jatidiri

  1. Sawise ketemu naga banjur Bima ketemu Dewa Ruci kang memper Bima ning wujude cilik. Dewa Ruci iku mralambangake apa?
a.       Hawa nepsu
b.       rukmakala
c.        ego
d.        ngelmu
e.        jatidiri

  1. Buta Rukmaka lan Rukmakala ana ing crita Dewa Ruci iku nggambarake ....
a.       jatidiri
b.       ego
c.        kawruh
d.        nepsu
e.        kabecikan

  1. Piranti ing pagelaran wayang yaiku
a.       Wayang, kothak, sindhen
b.      Wayang, pethi, cempala
c.       Wayang, dhalang, peniti
d.      Wayang, gunungan, sajen
e.       Sindhen, dhalang, niyaga

  1. Paraga sing ana ing pagelaran wayang.
a.       Dhalang, sindhen, mc
b.      Dhalang, sindhen, paniti
c.       Dhalang, sindhen, ledhek
d.      Dhalang, panonton, shoting
e.       Dhalang, wayang, sing duwe gawe

  1. Kain kanggo layar wayang diarani…
a.       Tonil
b.      Geber
c.       Layar
d.      Dheklit
e.       Kelir

Tulisen wangsulanmu ing buku tugas, diwenehi katrangan dina lan tanggal.


Sumber wacan: