Selasa, 17 Maret 2020

DEWA RUCI

Wektu semana ing dalem padhepokan sokalima, resi dorna kelingan marang brantasena kang laire bungkusan, kang bisa maujudake brantasena kang duweni kekuwatan sing kuwat lan gagah prakosa. Resi dorna ngutus wekudara/ brantasena, yen dheweke kudu nggoleki kayu gung susuhing angin ing alas purwa. Brantasena tanpa tidha-tidha banjur budhal njaluk pangestu marang resi dorna.
Wektu semana uga sengkuni ana ing kono, lan krungu pangandikane resi durna marnaqg brantasena. Sengkuni takon marang resi dorna babagan apa sing dirembug. Resi dorna mangsuli marang sengkuni yen dheweke ngutus bratasena goleki kayu gung susuhing angin kanggo nyilakani brantasena.
Sawise mlebu alas gedhe gung liwang-liwung lan ngadhepi kewan maneka warna, bratasena akhire tekan panggonan kang dingendikaake guru dorna. Nanging dheweke ora ketemu kaya sing dikarepake. Gandheng sing digoleki oran ana, werkudara banjur ngamuk. Alas gedhe diobrak-abrik. Kadadean iki gawe buta cacah loro arane buta rukmuka lan rumakala keganggu, banjur perang karo bratasena. Buta loro kalah, banjur malih rupa dadi bathara indra lan bathara bayu. Bathara loro mau banget anggone maturnuwun marang bratasena.
Banjur bratasena takon apa sebabe bathara indra lan bathara bayu dadi raseksa. Bathraa menehi wangsulan, menawa barang kang ala bisa dikalahake dening niyat kang iklas lan donga marang kang maha kuwasa. Minangka panuwune,  bathara indra menehi cincin sesotyamustika manik candrama. Cincin mau bakal menehi kekuwatan marang singnganggo bisa nyilem ing dhasar samodra. Banjur bratasena takon apa tegesi kayu gung susuhing angin. Bathara indra mangsuli menawa kayu gung susuhing angin iku pusate ati lan pikiran.
Banjur bratasena jaluk pamit marang saklorone lan arep takon maneh marah resi drona kenangapa dikon goleki kayu gung susuhing angin.
Ing padhepokan bratasena ngomongke apa kabeh sing wis dilakoni, banjur takon maneh dhawuhe dorna. Resi dorna mangsuli, menawa sejatine kayu gung susuhing angin mung pasemon supaya bratasena bisa entuk tirta pawitrasari kang ana ing samodra minangkalbu.
Bratasena banjur lunga nutugake laku. Tekan ing pinggir segara sing ra ono watese, ombak kang gedhe lan bledhek kang nyamber-nyamber, bratasena nyilem ing dhasare samodra. Saperlu nggoleki tirta pawitrasari. Ing dhasar samodra, bratasena dicegat dening naga kang gedhene sak uwit tall utawa gebang. Wusanane tarung ora bisa diselaki. Antarane mati lan urip bratasena akhire iso ngasorake naga mau.
Nanging bratasena banjur ora eling babar pisan, anane mung peteng ndhedhet sepi tanpo swara. Banjur Dewa Ruci rawuh, sing wujude memper bratasena nanging mung saepek-epek. Ngalem bratasena kang iso ngalahake naga sing wis ngalang-alangi niyate bratasena. Banjur bratasena nyembah dening Dewa Ruci lan takon. Wonten pundi dununging banyu pawitrasari. Banjur dewa Ruci ngutus bratasena mlebu ing njero ragane dewa ruci nyawiji karo dewa Ruci. Brata sena rumangsa tentrem, ing kono digambarke pandam pandoming dumadi. Yoiu kabeh ana pepesthine, manungsa kudu bisa nglakoni hukume alam. Banjur Dewa Ruci ngendika, tegese kowe wis bisa mudheng bekti marang gusti kang maha agung, lan aja kaget karo cahya kang werno werni amargo atimu kang suci.
Sawetara kuwi, ing sokalima permadi lapuran marang resi dorna yen brata sena durung bali. Banjur dorna nusul bratasena ing pinggir segara. Banjur nemokake bratasena kang lagi gumlethak ing pinggir segara.

(Kajarwaake saka: Bungai Rampai Wayang Purwa Beserta Penjelasannya, kanti owah-owahan saperlune).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar