Wayang menika anggadhahi teges ingkang
maneka warna. Wonten ingkang mastani bilih wayang menika saking tembung
ayang-ayang minangka gegambaraning jalma/ manungsa. Ugi wonten ingkang
nyebataken bilih wayang menika cekaan saking tembung –wahananing hyang- tembung
wahana tegesipun panggenan utawa prantara, dene tembung hyang tegesipun gusti
ingkang hakarya jagad.
Dene wayang piyambak miturut sumber
ingkang wonten, minangka kabudayan asli Jawa ingkang sampun wonten saderengipun
mlebetipun cariyos Ramayana saha Mahabarata ing tanah Jawa saking negari India.
Cariyos mahabarata lan ramayana kawiwitan dipun serat ing basa Jawa kuna,
pungkasan abad 10 jaman raja Darmawangsa teguh (991-1016M) Raja ing Kediri.
Cariyos Ramayana ingkang basa sansekertanipun Ramayana saking tembung Rama
dalah Ayana ingkang tegesipun lampahing Rama. Cariyos menika dipun anggit
dening Walmiki/ Valmiki/ Balmiki. Dene cariyos Mahabara ingkang dipun anggit
dening begawan Byasa / Viyasa, cariyos menika wosipun ngengingi pandhawa saha
Kurawa ingkang rebatan negara astina.
Ananging cariyos Ramayana saha
mahabarata menika rikala ing tlatah Jawa lajeng kagubah malih dening para
winasis, pramila menika wonten beda bedanipun antawisipun cariyos Ramayana saha
Mahabarata ingkang saking India kaliyan ingkang wonten ing Jawa. Cariyos
Mahabarata ingkang ngandhut kabudayan India poliandri, saha kelompok sosial
kasta saha filosofi gesang ingkang benten kaliyan filosofi Jawi, pramila
cariyos ramahaya saha Mahabarata dipun ewahi dening para winasis ing Jawi
wekdal semanten. Umpaminipun empu sedah, empu kanwa, empu panuluh/ panaluh (zooetmoelder, 1984).ugi tuwuh
paraga- paraga Jawi kadosta punakawan, rseksa, buta cakil, buta terong. Karipta
ugi cariyos carangan umpaminipun : Dewa Ruci.
Gesering jaman sabanjuripun
sumberipun cariyos wayang mboten namung saking mahabarata saha ramayana,
ananging ugi wonten babon cariyos wayang sanesipun. Kadosdene cariyos Panji,
cariyos seta, cariyos saking timur tengah lsp. Bedabedaning babon cariyos
wayang manika amargi ngermbakaning donya pagelaran wayang. Cariyos wayang saya
tuwuh ngrembaka sesarengan ngrembakanipun donya pakeliran.
Dipun tingali saking babonipun
cariyos wayang, pagelaran wayang saged kaperang dados: wayang purwa, ingkang
babonipun saking cariyos mahabarata saha ramayana. Wayang madya, nyariyosaken
jaman udayana/ parikesit dumugi jayalengkara. Wayang wasana utawi wayang
klithik ingkang nggambaraken ssejarah demak saha pajang (poedjosoedarmo, dkk, 1986).
Dipun tingali saking bahan ingkang dipun agem, wayang
kaperang dados pinten-pinten jenis, antawisipun inggih menika; wayang beber,
wayang golek, wayang suket, wayang gethuk, wayang klithik, wayang kulit.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar