nggawa
takir isi gule, mangan kupat lawuh babat
aja mikir awake dhewe, delengen rakyat kang mlarat
aja mikir awake dhewe, delengen rakyat kang mlarat
jam papat
wis nyumet kompor, nyumet kompor masak sarapan
dadi pejabat ja dadi koruptor, dadi koruptor golek suapan
dadi pejabat ja dadi koruptor, dadi koruptor golek suapan
kursi
goyang sikile papat
nek berjuang ja golek pangkat
nek berjuang ja golek pangkat
numpak
dhelman nang Betawi
nek berjuang kudu wani mati
nek berjuang kudu wani mati
dalan
sepur dilumpati
pengin makmur ja korupsi
pengin makmur ja korupsi
kicak
jenang jahe
krasa penak meneng wae
krasa penak meneng wae
enteng-enteng
omah rayap
nangis ngereng njaluk ijab
nangis ngereng njaluk ijab
dalan
sepur dilumpati
ajur mumur dilakoni
ajur mumur dilakoni
Walang
kekek menclok ning tenggok,mabur maneh menclok ning pari
aja ngenyek karo wong wedok, yen ditinggal lunga setengah mati
aja ngenyek karo wong wedok, yen ditinggal lunga setengah mati
Omah
gendheng tak saponane
abot entheng tak lakonane
abot entheng tak lakonane
Walang
abang menclok ning kara, walang biru walange putih
bujang maneh ora ngluyura, sing wis nduwe putu wae ra tau mulih
bujang maneh ora ngluyura, sing wis nduwe putu wae ra tau mulih
Andheng-andheng
ana pilingan
aja dipandeng mundhak kelingan
aja dipandeng mundhak kelingan
Walang
ireng mabur mbrengengeng, walang ireng dawa suthange
yen dha seneng aja mung mandeng, golekana endi omahe
yen dha seneng aja mung mandeng, golekana endi omahe
Bisa
nggambang ora bisa nyuling
bisa nyawang ora bisa nyandhing
bisa nyawang ora bisa nyandhing
Mikul
suket dientul-entul
senenge banget nanging ora bisa kumpul
senenge banget nanging ora bisa kumpul
theklek
kecemplung kalen
timbang golek luwung balen
timbang golek luwung balen
abang-abang
ora legi
tiwas magang ora dadi
tiwas magang ora dadi
andheng-andheng
ngisor lambe
tiwas mandeng wis ana sing nduwe
tiwas mandeng wis ana sing nduwe
awan2
tuku brambang
ana prawan klambiné abang
ana prawan klambiné abang
wedang
bubuk, gula jawa,
yen Kepethuk atiné lega
yen Kepethuk atiné lega
esuk
nyuling sore nyuling, sulinge arék suroboyo,
esuk éling soré éling sing diéling ora rumangsa.
esuk éling soré éling sing diéling ora rumangsa.
suwé ora
jamu, jamu godhong téla,
suwé ora ketemu ketemu pisan gawé gela
suwé ora ketemu ketemu pisan gawé gela
PARIKAN
ALA JOGJA 
 Tuku
Wedhus, oleh asu 
Aku
Bagus, Kowe Ayu 
Golek
Tikus, Entuk aSU 
Yen tak
Elus, Ojo nesu 
Numpak
gethek karo mlayu 
simbah
elek ora payu-payu 
Anak
tekek mangan gandum 
Simbah
elek harap maklum 
Ono sapi
senenge abang 
Ojo lali
ngambungi kembang 
Uler
kambang dipangan terwelu 
Nek
ngambung kembang aku melu 
jenang
gulo warnane abang 
najan
rondho sing penting kembang 
Abang
abang gendero londho Wetan sithik kuburan mayit Klambi abang nggo tondo moto
Wedak pupur nggo golek dhuwit 
Mlaku
mlaku tuku ketan 
Ayu ayu
kok brengosan 
dolan
mengetan, dioyak macan 
najan
brengosan, tapi menawan 
jare
dhingklik jebule cethok 
jare
ndhelik jambule kethok 
eyang
Durno, asli sokolimo 
kembang
teko, ojo podho lungo 
nang
tengah alas sangu bakso ana bakso kok di cucuki paku 
Wis jam
rolas, wayahe padha ngaso ayo ngaso mangan bareng karo aku 
tindak
ngetan bali ngulon 
numpak
sedhan nganggo blangkon 
angkutan
umum dadi becax 
mbiyen
premium saiki pertamax 
wong luwe
ora kongang ngadeg 
Wis suwe
ora mangan gudheg 
Awan-awan
mangan gethuk 
bubar
mangan kok ngantuk 
saben
dina sangu rantangan isine rantang katon methuthuk 
Aku
pancen bubar mangan ning ora mangan gethuk 
Ono
Teklek kejegur kalen... 
Tinimbang
nggolek mendingan balen... 
Pit Abang
Pite mas Mantri 
Nek
ngesun Kembang aku ya ngantri 
Bude teko
nggowo bolu... 
Ngakune
joko anake telu 
mangan
jadah, enteke telu 
najan
simbah, adhi kelasmu 
mangan
bakwan anget-anget dipangan karo lombok abang 
awan-awan
kok adus kringet luwih penak yen di dus i kembang 
kembang
mlati kembang kenongo 
ojo
ganti, mengko gelo 
dondong
opo salak duku cilik cilik 
ngandong
opo mbecak mlaku timik timik 
Bekicot
nempel katok 
Nyocot
thok 
Ndelok
Monas seko Tugu 
Ben ra
panas jejer aku 
Wit
Gedang Awoh Pakel 
Omong
Gampang Nglakoni Angel 
wit Pakel
kesrempet bis kota 
najan
angel tetep usaha 
Nyangking
Ember Kiwo-Tengen 
Lungguh
Jejer Tombo Kangen 
Mlayu-mlayu
neng plataran 
Snajan
ayu ning geleman 
tuku
sate, lali mbayar 
ajar
nggawe kanthi sabar 
jenang glali
gulane jowo 
aja lali
basane Jowo 
endog
bosok aja di untal aja di buwang nang plataran 
Lha mosok
iya tak pancal padhakna aku iki jaran 
Malem
Jum'at tuku cambah 
Urip
mlarat ojo susah 
Malem
Setu mangan rujak
ngguya
ngguyu kroso penak 
Pak
Slamet nandur wit kecipir bubar nandur tumuli adus sirah mumet mergo kakehan
pikir dudu amargo mangan wedhus 
nabuh
kendang ojo waton 
tiwas
nggadang, kok ra klakon 
Nabuh
kendang nganti jebol 
pengin
gedhang, kleru jengkol 
Nabuh
kendhang ngundang garong 
Njupuk
gedhag lha kok kleru terong 
Mangan
gethuk nganggo garpu 
yen
sampiyan ngantuk yo sumonggo turu... 
Iwak lele
iwak mas Iwak'e tibo dirubung laler
 Turu yo turu mass Mung Ojo disambi ngiler 
Nggudak
Wedus Nabrak watu 
Ngaku
ngaku Bagus Mung ra payu payu..... 
Nggudhak
wedus ngidek tletong 
Percuma bagus,
yen dompete kosong 
midak
telek nganti kesemuten 
merem
melek merga klilipen 
Tidak ada komentar:
Posting Komentar