Jumat, 23 Maret 2012

DRAMA (PACELATHON)

Den Bei : Ha ha......,
                Saben dina gaweyan ra penting kaya ngene kok akeh sing meri.(lungguh kursi 
                direktur ngleyeh)
                ha ha...., Hla kok ora? wong dadi direktur ki gaweyan wis di candhak anak buah,  
                dadine gaweane yo mung lunggah-lungguh, telpan-telpon, guya-guyu. paling-paling
                tanda tangan, kuwi wae nek ora diplasu anak buah. Hla piye, merga direkture ora 
                iso maca nulis, tandha tangane ya terus di dhengkuli dhewe-dhewe. Hla wong nate
                uwong ngaku kongkonane Raden Ngabei Sastro Nagoro, Direktur  PT  Gugur 
                Gunung. Golek utangan nganggo jenengku diwenehi 100 yuta hlo.. rak hebat to iku.
                Ha ha......
                Ning yo ben, ora opo-opo. sing penting kabeh seneng.....
                Hla iki direktur arep ngombe durung ana wedang, gelas-gelas yo durung ana ki 
                pegawene opo drg mangkat apa piye? hla wong wis jam 10.00 e...,. Wis aku ki 
                mbukak kantor dhewe, nyapu dhewe, opo yo kon gawe wedang dhewe..... 
                Wah pegawe kurang ajar iki....
                Seprana seprene nyambut gawe kok mesthi ora beres. Ben, yen ana wong nglamar
                gaweyan tak nggo ganti.  Akeh sing butuh gawean e........ 
Kuncung  : Kulanuwun....
Den Bei  : Ki sapa ta? opo ra ngerti iki ki kantor kok kulanuwun kulanuwun.
Kuncung : Kulanuwun....
Den Bei  : Pirang mboro permisi apa selamat siang..
Kuncung : kula nuwun....
Den Bei : yo wis mangga... 
Kuncung : (mlebu) nggih matur nuwun
Den Bei : e... sapa kowe?
Kuncung : (nyedhak) Kula Kuncung, Pak.
Den Bei  : Arep ngapa?
Kuncung : Ajeng nglamar pegawe. (lungguh)
Den Bei  : Sing akon lungguh sapa?
kuncung  : (ngadek) Hla mesthinipun jenengan ngangken kula lungguh.....
Den Bei  : Yo wis kono lungguh.
Kuncung : Nggih sampun. Wah.... wong aneh iki,,,
Den Bei  : Pendidikanmu opo?
Kuncung : Hukum Pak.
Den Bei  : Wah ora bisa ditompo ning kene.
Kuncung : Alasanipun Pak?
Den Bei  : Kakehan ngomong mengko, malah ora kerja.
Kuncung : Nanging kulo mantan diplomat lho Pak.
Den Bei  : Tambah ora ketompo?
Kuncung : Lho kok ngaten pak?
Den Bei  : Mengko gaweyanmu mung ropat-rapat wae.....
                 Kowe nduwe omah opo ora?
Kuncung : Dereng....
Den Bei  : Wah kowe ora iso ketompo nang kene.
Kuncung : Lho kok ngaten?
Den Bei  : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
Kuncung : Ah.. mboten kok, sakjanipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
Den Bei  : Yo malah ora ketompo.
Kuncung : Lho kok ngaten?
Den Bei  : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae.
                 Kowe nduwe motor opo ora?
Kuncung : Mboten.
Den Bei  : Ora ketompo.
Kuncung : Lho kok mboten ketompo? 
Den Bei  : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
Kuncung : Sakjanipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki.
Den Bei  : Wah malah ra ketompo....
Kuncung : Lho kok ngoten?
Den Bei  : Tempat parkire wis ra cukup.
                 Kowe wis lulus sarjana tenan?
Kuncung : Sampun Pak....
Den Bei  : Ora ketompo. Kene iki golek sing SMA ae, luwih manutan lan ben mbayare murah.
Kuncung : Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi.
Den Bei  : Malah ora ketompo..... .
Kuncung : Lho kados pundi to?
Den Bei  : Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, yen wis lulus mesti golek kerjo neng 
                 perusahaan liyo.
                 Kowe seneng guyon opo ora?
Kuncung : Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe.
Den Bei  : Ra ketompo.....
Kuncung : Waa... Kok ngoten?
Den Bei  : Engko konco-koncomu lan anak buahmu podho stress.
Kuncung : Sakjane nggih sekedhik-sekedhik seneng guyon.
Den Bei  : Malah ora ketompo.
Kuncung : Lho kok......
Den Bei  : Engko kowe mung email-emailan sing lucu.
                 Kowe mau mrene numpak opo?
Kuncung : Nitih mobil.
Den Bei  : Kowe ora ketompo.
Kuncung : Sebabipun?
Den Bei  : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar terus.
Kuncung : oh, kulo wau namung mbonceng, kok.
Den Bei  : Tambah ora ketompo.
Kuncung : Lho, lha kok?
Den Bei  : Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi!
                 Anakmu akeh opo sithik?
Kuncung : Kathah, Pak.
Den Bei  : Kowe ora ketompo.
Kuncung : Sebabipun?
Den Bei  : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanak terus.
Kuncung : Lha wong namung anak adopsi, kok.
Den Bei  : Tambah ora ketompo.
Kuncung : Lho, lha kok?
Den Bei  : Gawe anak bae aras2en, opo maneh nyambut gawe.
                 Kowe wis ngerti gaweyanmu durung?
Kuncung : Dereng.
Den Bei  : Kowe ora ketompo.
Kuncung : Sebabipun?
Den Bei  : Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane?
Kuncung : Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok.
Den Bei  : Tambah ora ketompo.
Kuncung : Lho, lha kok?
Den Bei  : Kowe rak mung arep keminter, to?
                 Kowe ngerti kahanan kantor kene durung?
Kuncung : Dereng.
Den Bei  : Kowe ora ketompo.
Kuncung : Sebabipun?
Den Bei  : Arep nyambut gawe kok ora ngerti kantore?
Kuncung : Wah, nggih sekedhik2 mpun ngertos kok..
Den Bei  : Tambah ora ketompo.
Kuncung : Lho, lha kok?
Den Bei  : Mengko kowe senengane ngudhal-udhal wewadi kantor, to?
                 Kowe kerep lara?
Kuncung : Mboten.
Den Bei  : Kowe ora ketompo..
Kuncung : Sebabipun?
Den Bei  : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering.
Kuncung : Wah, sakjanipun nggih asring.
Den Bei  : Tambah ora ketompo.
Kuncung : Lho, lha kok?
Den Bei  : Kantor iki ora nompo karyawan pileren.
                 Kowe biso main internet?
Kuncung : mBoten.
Den Bei  : Kowe ora ketompo.
Kuncung : Sebabipun?
Den Bei  : Perusahaan ora nompo sing ra iso internet.
Kuncung : Wah, sakjanipun nggih saged.
Den Bei  : Wo.. hla malah ora ketompo.
Kuncung : Lho, lha kok?
Den Bei  : Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan internet, to???
                 Kowe waras opo ora?
Kuncung : Lha, kulo nggih waras to Pak.
Den Bei  : Ra ketompo.
Kuncung : Kenging nopo?
Den Bei  : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
Kuncung : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
Den Bei  : Malah ra ketompo.
Kuncung : Pripun to niki?
Den Bei  : Mengko aku duwe saingan.
Kuncung : Jan jane pegawe napa ta pak?
Den Bei : gawe wedang...
Kuncung  : wah... pamit pak.......(lunga)
  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar