|     SESORAH AMBAL WARSA KABUPATEN GROBOGAN Dening: Bambang Harmanto, S.Pd. Kaandharaken wonten ing   Permadhani, Purwodadi 16 Maret 2012 Assalamu’alaikum   wr. Wb. Para   pepundhen, para sepuh tuwin pinisepuh ingkang kinabekten, para prayagung   pangemban pangembating praja ingkang wicaksana ing budi, sumrambah dhumateng   sagung para tamu kakung putri ingkang kinormatan. Minangkani   pamundhutipun Bp Bupati lumantar juru paniti laksana, kula piniji atur   sesorah babagan pengetan ambal warsa Kabupaten Grobogan ingkang kaping 286. Kasugengan,   katentreman miwah kasarasan mugi tansah lumuntur saking Gusti Ingkang Maha   Kuwaos, satemah mbabar daya pangaribawa, tumunten tumanduk dhateng kawula   dasih. Para rawuh   ingkang kinurmatan, Kabupaten   Grobogan kawiwitan dinten senin Kliwon, 21 Jumadilakhir taun 1650 Jawa utawi   4 Maret 1726 kanthi sengkalan, KOMBULING   CIPTO HANGROSO JATI  lan   KRIDHANING HANGGA HAMBANGUN PRAJA. KOMBULING   CIPTO HANGROSO JATI, tegesipun: (0)          KOMBULING   : saking tembung:  mumbul, muluk, kawentar, manunggal (5) CIPTO : saking tembung:   angen-angen, gegayuhan, krenteging ati. (6) HANGROSO : saking   tembung: rasa batin, rumangsa, pangrasa. (1) JATI : saking tembung: sejati,   yekti, suci. Werdinipun   inggih menika: manunggaling gegayuhan luhur lelandhesan kapitadosan dhumateng   Gusti Ingkang Maha Kuwaos, saengga nuwuhaken greged nindakaken kasaenan, awit   ngrumaosi bilih manungsa cinipta inggil martabatipun.  Menggah   sengkalan KRIDHANING HANGGA HAMBANGUN PRAJA Tegesipun mekaten. (6) KRIDHANING : saking   tembung: kridha, gawe, obah, kerja (2) HANGGA    : saking tembung: hangga, perangan badan, tenaga (7) HAMBANGUN : saking   tembung : mangun, damel, nyipta (1) PRAJA : saking   tembung : praja, nagara, nagari, negara Werdinipun   bilih ulah kridha kita namung kagem mangun nagari sumrambah samudayanipun   nuninggih, manusia, bangsa, dalasan pemarentah nagari). Sejarah   mratelaaken bilih ing wedal menika Sinuwun Amangkurat IV maringi kapitadosan   dhumateng abdi dalem nununggih Ngabei Wongsodipo minangka Bupati Monconagari   Grobogan kanthi sebatan Raden Tumenggung Martopuro utawi Adipati Puger,   nuninggih bupati Grobogan ingkang angka sepisan.  Dumugi   titiwanci menika Kabupaten Grobogan sampun 31 periode kepemimpinan Bupati. Para   Rawuh, Kanthi   tema “ Dengan semangat hari jadi ke-286 Kabupaten Grobogan, kita tingkatkan   kualitas Grobogan yang bersih, sehat, mantap, Indah ” Kabupaten Grobogan nggadhahi   tekad ngejawantahaken sesanti BERSEMI.  Pamanggih menika adhedhasar bilih Kabupaten Grobogan sampun dumugi   ing titiwanci nedya mujudaken Bersih sehat, mantap, Indah, salebeting bebrayan saengga saged   ndaya-daya menggah pentingipun kebersamaan saha guyupipun  njagi    lingkungan hidup murih lestantunipun bebrayan saha pembangunan ingkang   berkelanjutan. Raos   bombong saha bingahing manah, bilih Kabupaten Grobogan pikantuk pinten-pinten   penghargaan Nasional. Ing antawisipun juara   I tingkat Nasional kelompok tani berprestasi komoditas kedelai, penghargaan   Satya Lencana di Bidang Pembangunan Pertanian, Penghargaan Satya lencana   Wirakarya Bidang KB, lan sanes2ipun. Ing   wasana,  Pengetan   ambal warsa Kabupaten Grobogan ingkang kaping 286 menika, sampun ngantos   namung dados upacara kemawon ingkang tanpa teges, ananging sageda nggigah   panggalihipun bebrayan ageng supados andhedherek cancut taliwanda ing madyaning   pembangunan Kabupaten Grobogan supados langkung majeng saha pinanggih ing   karaharjan. Kathah   kaladuking atur kula nyuwun agunging samodra pangaksami, sugeng hamirsani   ringgit purwa kanthi lakon “Sumantri ngenger” dening Ki Joko   Hadiwijoyo ngantos pari purna . Wassalamu’alaikum   wr. Wb.  |   
Jumat, 23 Maret 2012
SESORAH
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar