Jumat, 23 Maret 2012

WAWANCARA

Wawanrembug
Wektu iki Bambang arep nindaake wawancara karo Pak Joko sing pagaweane ngingu pitik pedaging. Sauwise dibukakke lawang dening Bu Joko, dhewekke dikon mlebu lungguh ing kursi, ngenteni Pak Joko sing isih ning buri. Ora let suwe, Pak Joko metu nemoni.

Bambang  : (Ngadeg) “Sugeng ndalu Pak.(nyalami)
Pak Joko  : “E.. Wilujeng ndalu. Ayo lungguh kene."
Bambang  : "Nggih.” (nyedhak)
Bambang  :  “Saweg ngaso Pak?”
Pak Joko   : “Iyo mas, wong sedina ra leren kok mas.”
Bambang  : “Nggih pak, wingi-wingi kula ajeng sowan mriki kadosipun panjenengan kok nggih mboten wonten selanipun.”
Pak Joko   : "A... ora popo. Aku ki malah seneng hlo, nek dho gelem dolan-dolan rene.
Bambang   : “Nggih pak.”
Pak Joko    : “Hla iki mau saka ngomah apa mampir saka ngendi?”
Bambang   : “Saking griya Pak,...”
Pak Joko    :  “O..”
Bambang   : “sowan kula mriki badhe nyuwun wekdalipun, kagem wawancara.
Pak Joko   : “Wawancarai aku?
Bambang  : "Nggih Pak."
Pak Joko  : "Bab pitik ta?"
Bambang  : “Nggih Pak.”
Pak Joko   : “Nek bab perpitikan aku isoh, ning nek liyane yo ra isoh....he he he....”
Bambang  : “Nggih bab ayam ngoten Pak.” (mesem)
(Bu Joko metu nyuguh wedang karo gedhang goreng anget)
Bambang  : “Wah, sampun repot-repot Bu?”
Bu Joko    : “Namung antah kok mas.” (nyelehke wedang lan panganan banjur mlebu)
Pak Joko   : “Ayo mas dibukak mas.”
Bambang  : (Mbukak tutup gelas)”Nggih Pak.”
Pak Joko   : “Hah, ki hlo, gedhang gorengge anget. Ayo diicipi.”
Bambang  : “Nggih Pak.”
(dho mangan gedhang goreng lan ngombe)
Pak Joko   : “Piye mau?”
Bambang  : “Ngeten pak, anggenipun ngingah ayam pedaging menika mulabukanipun kados pundi Pak?
Pak Joko  : Critane dawa mas. Nalika aku isih enom, kira-kira taun 90-an, aku golek gawean mranaa-mrene durung ana sing nyanthol. Hla, karo golek-golek wawasan, kira-kira usaha apa sing mathuk kanggo ngisi wektu timbang nganggur. Hla terus, aku ngerti yen kebutuhan pitik pedaging sansaya mundhak...”
Bambang   : “Hmmm.“
Pak Joko    : “... terus, aku takok-takok, maca buku-buku carane ternak. Hla terus aku nyoba ngingu rongatus.”
Bambang    : “Saget berhasil Pak?”
Pak Joko    : “Mati kabeh mas! Yo isih enek sing kenek didol ning mung selawenan, kuwi wae jane etungane durung wanci panen.”
Bambang    : “Hla, lajeng pripun Pak?”
Pak Joko   : “Wuaaaah, yo rugi gedhen mas. Ning aku ora kapok! Aku malah duwe tekad, aku kudu isoh.”
Bambang    : “Wah..., malah semangat nggih Pak?”
Pak Joko    : “Tenan mas. Tak pelajari apa masalahe.”
Bambang   :  “Jalaranipun menapa Pak?”
Pak Joko    : “Bareng tak teliti, akeh banget masalahe mas. Wiwit panggonane sing kurang resik, sebabe panggonane durung taksiapke kanggo kandhang sing apik. Wong mung ning omahe Bapakku sing mburi ngono tak singget, tak resiki,  jogane plesterane ora rata, dadine olehe ngresiki telek angel. “
Bambang  : “Mmmm..”
Pak Joko  : “Durung meneh perawatane obat-obat vaksin kuwi durung pati mudheng, dadi yo ngerti-ngerti dho piler, ngantuk. Esuk ngono ngerti-ngerti wis dho mati.”
Bambang  : “Ooo..”
Pak Joko  : “Yo wis akhire wiwit neh saka nol. Kandhange tak siapke sing apik. Pakane tak gatekke tenanan, vitamin, vaksin, semprot, wis pokoke tak gatekke tenanan.”
Bambang  : “Hlo, kok ngangge semprot napa Pak?”
Pak Joko  : “We..., iyo mas. Dadi, kandhange kuwi disemprot karo disinfektan supaya ora enek bakteri, jamur, virus..., hla.. dadine pitike aman saka penyakit.”
Bambang  : “Mmmm. Lajeng, ternakipun samenika saget ageng menika ayamipun pinten Pak?”
Pak Joko  : “Nek saiki Alhamdulillah jumlahe kurang luwih telungewu limangatus.”
Bambang  : “Wah kathah sanget nggih Pak?”
Pak Joko   : “Yo... tambah sithik-sithik mas, isoh gawe kandhang sing rada gedhe ning etan desa kae, nganti saiki.”
Bambang  : “Lajeng pemasaranipun dumugi pundi Pak?”
Pak Joko  : “Nek biyen paling mung pasar lokal kene wae, nek saiki sekitar Sragen, Solo, Wonogiri,  malah diparani bakul saka Suraboyo barang.”
Bambang : “Wah..., dugi pundi-pundi Pak nggih?”
Pak Joko  : “Iyo..”
Bambang  :  “Wah mboten kraos pun dalu Pak, matur nuwun sanget katranganipun.”
Pak Joko  : “Yo podho-podho. Ayo diombe sik, wah... malah lali to wedange, ayo gedhange disambi.”
Bambang  : “Nggih...”
Sawise cukup banjur pamit.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar