Senin, 05 Desember 2011

TANGGAP WACANA

Assalamualaikum Wr. Wb.
        Inkang kinabekten Bapak Kepala SMA Negeri 1 Geyer, ingkang kinurmatan Bapak ibu Guru saha staf karyawan SMA Negeri 1Geyer, Tamu undangan ingkang winantu suka basuki, langkung-langkung para kanca siswa-siswi SMA Negeri 1 geyer ingkang kula tresnani.
        Sumangga kula nderekaken ngunjukaken syukur dhumateng gusti Alloh ingkang maha welas asih ingkang sampun paring kawilujengan saha kasarasan dhumateng kula dalasan panjenengan sami satemah saget makempal ing adicara menika mboten wonten rubeda satunggal menapa.
        Salajengipun kula ngaturaken sugeng rawuh dhumateng panjenengan sami mugi rawuhipun ndadosaken regenging swasana.
        Bapak Ibu saha para kanca ingkang sutresna,
        Ing kalodhangan siyang punika kula badhe ndherek matur sekedhik babagan kamardikan Republik Indonesia ingkang sampun ndungkap 66 warsa. Saderengipun matur kula suwun ndrerekaken pekik merdeka kaping tiga. “MERDEKA!, MERDEKA!, MERDEKA!”  Matur nuwun.  Kanthi pekik merdeka menika mugi ndadosaken greget menggah raos naionalisme ing manah kita.
Kita tansah emut dhateng perjuanganipun para pahlawan ingkang hangrungkebi ibu pertiwi, ngladosi saha nupes penjajah kanthi labuh jiwa lan raga. Para winasis ingkang saget mimpin saha ambudidaya saengga nagari menika saget mardika. Adhedasar katrangan menika, sumangga kita lajengaken perjuanganaipun pahlawan saha para pemimpin bangsa, ambudidaya menggah kemajenganipun nagari, kanthi cara temen tekun saha mituhu dhumateng jejibahan kita piyambak-piyambak. Menggahipun para kanca, mangga kita tansah mempeng anggenipun sinau supados ing tembe dados tiyang ingkang winasis, jumbuh kaliyan tuladha ing ngajeng.
Kula minangka sesulihing panitya ngaturaken sugeng ambal warsa kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 66, mugi-mugi tansah langgeng tuwin kuncara ing mancanagari.
Bapak Ibu saha para kanca ingkang sutresna,
Mbokbilih anggen kula ngaturi papan palenggahan saha anggenipun ngladosi panjenengan sami kirang nuju prana, kula minangka sesulihipun paniyta nyuwun agunging samudra pangaksami. Langkung-langkung anggen kula matur dhumateng panjenengan sami kathah kalepatan saha kirang trapsila, kula ugi nyuwun pangapunten.
Wasana, sugeng mirsani adicara pengetan Ambal Warsa Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 66 menika ngantos paripurna.
Wassalamualaikum Wr. Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar