Rabu, 14 Desember 2011

GEGURITAN

AWAN IKI
Awan iki ora kaya adat saben
Awan iki beda saka biasane
Awan iki dudu awan sing uwis-uwis
Awan iki awan sing ora tak karepke
Awan iki dudu pepinginanku
Awan iki
Awan iki
Awan iki
                Oh.....


KEBACUT
Seneng dadi selawase
Jalaran ati wis kebacut
Kepincut marang karep
Kasep dadi angen-angen
Wis kedlarung karem sepisan-pisan ora
Mrasuk nyawiji karo nyawa
Ora kena selak kamangka
Pinesthi ora mesthi dimangerteni
Sapadha-padha titah sawantah
Urip kari nglakoni ora ana kang jalari
Amarga kabeh wis dadi
Kebacut mesthi nglakoni
Endhanana nanging mesthi



JAMAN
Ora salah yen maju
Ora kleru yen lumayu
Tak belani yen ora dho ngaku
Njajal kojahna omongmu
Marang katrangan-katrangan tanpa iku
Sakonyong-kongyong ngomong
Saparan-paran ngomyang
Sawayah-wayah kojah
Karep-karepmu salahe dhewe
Lakuning jaman tandhane percaya
Undhuhane wong kang nganggo ngelmu
Unggah-unggah mungguhing sujarah
Jamanmu jamanku, jamanku jamanmu
Dudu jamanmu jamanmu, jamanku jamanku
Sapa sing arep nglakoni?





Tidak ada komentar:

Posting Komentar